87
Kinang menika salah satunggaling sajen ingkang kalebet wonten ing Sajen Kirab Brata lan Sajen Ringgit Purwa. Kinang menika wujudipun sedhah,
gambir, injet lan sata. Kinang menika wujud sesembahan dhateng leluwur ingkang estri. Rokok minangka wujud sesembahan dhateng leluwur ingkang
kakung.
e. Pisang Sanggan, Tukon Pasar, empluk lan kendhi
Pisang sanggan, tukon pasar, empluk saha kendhi menika kalebet sajen Ringgit Purwa. Pisang ingkang dipunginakaken wonten ing pisang sanggan
inggih menika pisang raja. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 04
“pisang sanggan niku wujude gedhang raja sing tadhah udan, sing tundhunan lirangan dhuwur dhewe lan nomer loro, tukon pasare niku
napa mawon saged, panganan sing ditumbas wonten peken. wonten taro, slondhok saha tape. Empluk karo kendhine kuwi piranti mangsak
jaman mbiyen, nanging sing cilik-cilik nika, niku nggih tumbas wonten peken. kabeh wau, gedhang raja, tukon pasar karo empluk kendhi
diwadhahi siji supaya ringkes. ”CLW04
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 02 “pisang sanggan wonten pisang raja, benang lawe karo klapa wutuh.
Tukon pasar inggih werna-werna jajanan sing ditumbas saking peken. Kabeh wau dipuntata dados setunggal wadhah kaliyan empluk lan
kendhi. ”CLW02
88
Wujudipun Pisang sanggan, tukon pasar, empluk lan kendhi kados gambar ing ngandhap menika
Gambar 41.Pisang sanggan, tukon pasar, empluk lan kendhi.doc.dhyan
Katrangan : 1. tukon pasar
2. pisang raja 3. empluk
4. kendhi Pisang sanggan menika kapilih jinising pisang raja ingkang ageng-ageng,
alus lan sampun mateng, awit pisang raja menika raosipun eca saha arum gandanipun. Tukon pasar ingkang dipunginakaken inggih menika wonten taro,
slondhok saha tape. Sedaya tetedhan menika dipuntumbas wonten ing peken. Empluk saha kendhi menika piranti mangsak jaman rumiyin ingkang kadamel
alit-alit. Empluk saha kendhi ugi dipundadosaken setunggal wadhah kaliyan pisang sanggan lan tukon pasar.
1 2
3 4