Peyek Pecelan Prosesi Upacara Kirab Brata Metri Bumi 1. Cecawis

64 Gambar 12. Lalapan krecek.doc.dhyan Adhedhasar andharan wonten ing nginggil anggenipun ndamel lalapan krecek bahanipun krecek, dhangsul cemeng, klapa ingkang dipuniris alit-alit kaliyan jeroan ayam. Sedaya bahan kala wau dipuniris alit-alit lajeng dipungoreng. Lalapan krecek menika dados lawuhipun sekul ambeng.

b. Sekul Golong

Sekul golong inggih menika dados salah satungaling tetedhan kangge kendhuri wilujengan. Sekul Golong menika dipundamel saking sekul ingkang dipundang sampun mateng lajeng dipundamel golong. Sekul golong dipundamel ngginakaken cithakan asta. Caranipun damel sekul dipunkepel ngginakaken kalih asta ngantos bunder. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 06 “Sega golong niku nggih sega sing pun mateng didang, pas tasih anget nika banjur digolong, dibunderi nika.”CLW06 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 07 1 2 3 4 65 “Sega golonge, sega digolong nika, dibentuk bunder, dikepel kepel nganggo tangan loro.”CLW07 Sekul Golong wujudipun kados foto ing ngandhap menika. Gambar 06. Sekul Golong.doc.dhyan Adhedhasar andharan wonten ing nginggil sekul golong menika dipundamel saking sekul pethak. Sekul pethak ingkang dipunwangun bunder alit. Anggenipun ndadosaken bunder migunakaken cithakan asta. Ingkang dados jodhonipun sekul golong inggih menika ayam panggang saha pecelan. Tetedhan kala wau dados lawuhipun sekul golong wonten ing sajen kendhuri wilujengan menika.

1. Pecelan

Pecelan menika dados jodhonipun sekul golong saha ayam panggang. Anggenipun damel Pecelan bahanipun buncis, timun, kacang panjang, kubis saha sambel pecel. Andharan menika jubuh kaliyan pratelanipun informan 07 “pecelan niku bahane wonten buncis, timun, kacang panjang, kubis karo sambel pecel. Sayuran wau diiris alit-alit nek empun sambel pecel dijuri lajeng dicampur kaliyan sayuran mau. Sambel pecele tumbas wonten pasar mawon supados gampil.”CLW07 66 Andharan menika dipunsengkuyung dening andharanipun informan 06 “bahan bahane damel pecelan sedaya dikumbah resik teros diiris cilik- cilik bahane ya ana buncis, timun, kacang panjang, kubis karo sambel pecel.Sayuran kabeh mau uwis diirisi banjur dicampur karo jur-juran sambel pecel.”CLW06 Pecelan wujudipun kados foto ing ngandhap menika Gambar 10.Pecelan.doc.dhyan Pecelan menika dados jodhonipun ayam panggang. Bahanipun inggih menika sambel pecel, timun, kubis, kacang panjang saha buncis. Sedaya sayur dipunkumbah lajeng dipuniris alit-alit. Sayuran dipuncampur kaliyan sambel pecel ingkang dipunjur.

2. Ayam Panggang

Ayam panggang menika dados salah satunggaling sajen kangge kendhuri wilujengan. Sajen Ayam panggang menika dipundamel saking ayam babon. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 06 67 “ayam panggang niku nggih sami bumbune kaliyan ingkung kala wau, re masak nggi padha, nek mpun maten ayam kala wau banjur dibakar ngantos garing nika. Ayam panggang sing mateng didekekake nduwure pecelan, amarga kuwi jodhone.”CLW06 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 07 “ayam panggang nggih kados ayam panggang nika, diungkep riyin, lajeng dibakar. Bumbune nggih sami, wong re ngungkep bareng pitik jagone.”CLW07 Wujud Ayam Panggang kaliyan pecelan kados foto ing ngandhap menika. Gambar 08. Ayam Panggang.doc.dhyan Adhedhasar andharan wonten ing nginggil caranipun damel ingkung ayam babon sami kaliyan damel ingkung. Bumbunipun sami, inggih menika bawang, brambang, laos, jahe, salam, sarem saha gendhis Jawi. Sedaya bumbu dipunuleg ngantos alus. Babon dipunungkep kaliyan bumbunipun. Sasampunipun mateng lajeng ayam babon dipunbakar. Sasampunipun ayam panggang mateng lajeng dipunparingaken wonten nginggilipun pecelan.

c. Sekul Ambeng

Sekul ambeng menika sekul ingkang dipuncithak ngginakaken wadhah ingkang bundher. Sekul Ambeng menika dipundamel saking sekul ingkang 68 dipundang sampun mateng lajeng dipundamel ambeng.Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 07 “sekul ambeng niku nggih sekul sing pun mateng nika, anget-anget terus dicetak bunder neng wadhah, ben isoh mbentuk.lawuhe niku jangan kenthang, peyek karo tempe garit”CLW07 Andharan menika dipunsengkuyung dening informan 06 “sekul ambeng digawe nganggo wadhah bundher nika, teros ditumplak. jodhone sekul ambeng niku wonten,peyek, tempe garit karo jangan kenthang. CLW06 Sekul Ambeng wujudipun kados foto ing ngandhap menika. Gambar 05. Sekul Ambeng.doc.dhyan. Adhedhasar andharan wonten ing nginggil caranipun damel ambeng ngginakaken cithakan wadhah ingkang bunder. Sekul dipunlembetaken wonten ing cithakan ngantos madhet lajeng dipuntumplak wonten ing tampah. Ingkang dados jodhonipun sekul ambeng inggih menika, jangan kenthang, peyek, saha tempe garit.