Caranipun Nganalisis Data CARA PENELITIAN

27

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGANIPUN

A. Deskripsi Setting Panaliten 1. Andharaning Papan Upacara Kirab Brata Metri Bumi

Dusun Kaliurang, Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman papanipun wonten ing sisih ler kabupaten Sleman. Dusun menika tebihipun kirang-langkung 25 km saking Ibu Kota Provinsi Yogyakarta. Kanthi cacahing penduduk wonten 1167 tiyang. Ingkang kaperang dados 543 piyantun kakung lan 624 piyantun putri sarta cacahing kartu keluarga wonten 361. Dusun Kaliurang punwatesi dening tlatah kados ing ngandhap menika : 1. watesipun sisih ler wonten Redi Merapi 2. sisih kilen wewatesan kaliyan Lepen Boyong 3. sisih wetan wewatesan kaliyan Lepen Kuning 4. sisih kidul wewatesan kaliyan Dusun Ngipiksari Papan ingkang dipunangge upacara Kirab Brata Metri Bumi inggih wonten Tlaga Putri, Dusun Kaliurang Timur. Anggenipun damel sajen wonten ing Pendhapa Pangesthi Jawiutawi wonten dalemipun Mbah Darmadi. WontenPendhapa Pangesthi Jawi menika asring dipunangge kempalan kapurnaman. Paguyuban ingkang nglampahi Kirab Brata menika dipunsebut Paguyuban Pangesthi Jawi. Pendhapa Pangesthi Jawi menika mapan wonten Kaliurang Timur kirang- langkung mengetan 200m saking Patung Udhang Kaliurang. Denah Pendhapa Pangesthi Jawi Kaliurang kados gambar ing ngandhap menika. 28 U S Jogja Gambar.01. Denah Kaliurang.doc.dhyan. Upacara Kirab Brata Metri Bumi dipunwontenaken ing parkiran papan wisata Tlaga Putri. Rutenipun Paguyuban Pangesthi Jawi nglampahi Kirab Brata mubeng Kaliurang saking parkiran Tlaga Putri mangilen sekedhik lajeng mangidul dumugi Patung Kera, mangidul dumugi Patung Udhang, mangilen dumugi Pratigan Mboyong, mangaler dumugi Pratigan Parta Sate, mangaler dumugi Gardu Pandang, mangetan dumugi Prasekawan Nirmala, saking Prasekawan Nirmala mangetan dumugi wonten ing Tlaga Putri malih. Wonten ing 4 Hotel Eden Katrangan : 1. : Patung Udang Kaliurang 2. : Pendhapa lan sekertariat Paguyuban Pangesthi Jawi 3. : Patung Monyet 4. : Tlaga Putri 2 1 3 1 3 2 4 29 papan ingkang sampun dipuntemtokaken kala wau ugi dipunpapaki sajen. Gambar rutenipun Kirab Brata kados ing ngandhap menika. Pendhapa Pangesthi Jawi U S Arah ke jogja Gambar 16. Rute Kirab Brata Katrangan : 1. Tlaga Putri 4. Pratigan Mboyong 7. Prasekawan Nirmala 2. Patung Kera 5. Pratigan Parta Sate 3. Patung Udhang 6. Gardhu Pandhang 2 1 6 5 3 4 7