Pirantining Panaliten CARA PENELITIAN
26
supados langkung cetha antawisipun bab setunggal saha setunggalipun. Menawi sampun dipunkategorisasi lajeng dipunpriksa keabsahan datanipun saha damel
dudutanipun. Pungkasanipun, data ingkang sampun dipunkempalaken lajeng dipunandharaken kaliyan gambar saha katranganipun kanthi runtut, supados
perkawis ingkang dipunteliti saged dipunbabar kanthi cheta.
G.Caranipun Ngesahaken Data
Keabsahan Data menika kangge ngecek leres menapa mboten data saking panaliten. Kangge ngecek menika ngginakaken teknik triangulasi. Miturut
Endraswara 2006:219 ngandharaken : Triangulasi berupa pengumpulan data ganda, yang lebih dari satu
sumber, yang menunjukan informasi yang sama.
Ingkang dipunkajengaken saking andharan wonten ing nginggil inggih menika teknik triangulasi inggih ngempalaken data saking maneka-warni
narasumber, ananging taksih informasi ingkang sami utawi menapa kemawon ingkang saged dipundadosaken tandhingan kaliyan data panaliten.
Triangulasi ingkang dipunangge wonten panaliten menika inggih triangulasi sumber saha triangulasi metode. Triangulasi sumber inggih menika
ngempalaken data panaliten saking kathah narasumber, data saking wawancara setunggaling narasumber saha satunggalipun dipuntandhingaken kaleresanipun.
Triangulasi metode inggih menika ngecek data satunggal saha satunggalipun. Wondene kanthi njumbuhaken asiling observasi berperanserta saha wawancara
kaliyan nara sumber
27