Pakaryan Paraga Upacara Kirab Brata
33
memihak agama pundi-pundi, sedaya agama saged mlebet, upacarane niki ki ngrembuk bab tradisi jawa. ”CLW08
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanioun informan 03 “mayoritas wonten mriki menika ngrasuk agami Islam, nanging nggih
wonten ingkang ngrasuk agami Kristen saha Katholik. Kathah ingkang Islam, ning niki upacarane niku mboten ngrembuk bab agama, sinten-
sinten olehmelu. Tradhisi wonten ing mriki ugi taksih mlampah, nggih sek wonten jawa jawane nika, mitoni, mantu, kendurenan nggih liya-
liyane.”CLW03
Saking andharan ing nginggil katelah bilih upacara Kirab Brata menika mboten sambet kaliyan agami tartantu, liripun sedaya agami pikantuk nderek
upacara Kirab Brata. Upacara Kirab Brata menika minangka nglestantunaken kabudayan Jawi.
Saperangan ageng paraga paguyuban pangesthi Jawi kathah ingkang ngrasuk agami Islam. Kajaba ngrasuk agami Islam para warga masyarakat
Kaliurang wonten ingkang ngrasuk agami Kristen saha agami Katholik. Kangge ngawotenaken papan pangibadahan, wonten ing Dusun Kaliurang sampun
kabangun masjid-masjid utawi Mushola. Ngenggingi bab menika nanging taksih ketingal wontenipun kapitadosan dhateng leluwuripun. Bab kasebat katitik taksih
wonten upacara-upacara tradhisi lan wilujengan ingkang dipuntindakaken. Upacara tradisi ingkang taksih dipuntindakaken dening warga masarakat
antawisipun upacara Mitoni, Mantu, Kesripahan, Sedhekah tiyang seda, Kirab Brata, Merti Desa, Ruwahan lan sapanunggalanipun.
34