22
Caranipun  manggihaken  informan  kanthi  teknik  sampling  purposive. Mardalis,  2004:106,  ngandharaken  bilih  caranipun  Teknik  sampling  purposiv
engginakaken  informan  wonten  ing  salebeting  paguyuban  saengga  sampling informan  ingkang  dipunpundhut  saged  makili  karakteristik  populasi  ingkang
dipunteliti.  Teknik  sampling  purposive  ing  mriki  kanthi  nemtokaken  informan ingkang  saged  makili.  Wonten  ing panaliten  menika  nyuwun  pirsa dhateng para
sesepuh  Paguyuban  Pangesthi  Jawi  ingkang  nyengkuyung  tradhisi  Kirab  Brata Metri  Bumi  menika.  Kanthi  cara  menika  supados    nggampilaken  panaliti
anggenipun ngempalaken data-data kangge nyengkuyung asiling panaliten.
D. Caranipun Ngempalaken Data
Teknik  pangempalan  data  wonten  ing  panaliten  menika  ngginakaken obsevasi  berperanserta  saha  wawancara  mendalam.    Kanthi  panjangka  supados
datanipun langkung kathah saha lengkap. Obsevasi berperanserta sahawawancara mendalam badhe dipunandharaken wonen ing ngandhap menika.
1. Observasi berperanserta
Cara  ngempalaken  data  wonten  ing  panaliten  menika  dipunwiwiti  kanthi observasi berperanserta. Herdiyansyah 2010:63, ngandharaken bilih nglampahi
observasi  berperanserta,  panaliti  ngamati  saha  nderek  langsung  wonten  ing salebeting  kegiatan  ingkang  dipunteliti.Angenipun  ngempalaken  data  Observasi
inggih  nderek  lampahing  tradhisi  Kirab  Brata  Metri  Bumisaking  acara  menika kawiwitan  dumugi  purna.  Cara  menika  supados  panaliti  mangertosi  lampahipun
upacara kanthi runtut kangge panyengkuyung anggenipun nyerat asiling panaliten.
23
Ingkang  kedah  dipungatosaken  inggih  menika  anggenipun  nglampahi  observasi berperanserta  kanthi  runtut  wonten  ing  papan  panaliten  ing    Dusun  Kaliurang
Timur, Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman.
2. Wawancara Mendalam
Miturut  Herdiyansyah  2010:64,  ingkang  dipunwastani  Wawancara inggih  menika  teknik  pangempaling  data  ingkang  dipunginakaken  kangge
ngempalaken katrangan lisan saking pawicantenan kaliyan informan. Wawancara mendalam  menika  penting  minangka  data  kualitatif  saha  anggenipun  nyerat
asilipun  panaliten.  Wawancara  mendalam  kedahipun  kanthi  luwes,  mboten grusah-grusuh saha ngginakaken pituduh menapa ingkang badhe dipunsuwunaken
priksa  kaliyan  narasumber.  Cara  kados  menika  supados  panaliti  saha narasumbersaged wicantenan kanthi prayogi, saengga pikantuk informasi ingkang
lengkap saha langkung cetha. Anggenipun  wawancara  mendalam  kedah  ngginakaken  piranti  kangge
nyengkuyung  panaliten,  kados  ta  piranti  kangge  ngrekam  pawicantenan  ing wawancara  supados  data  saking  wawancara  kasimpen  kanthi  sae,  saha
nggampilaken anggenipun alihtulisaken.