Sekul Ambeng Kaliyan Lawuhipun

124 Pratelanipun informan 06 saha 07 wonten ing nginggil menika dipunsengkuyung dening Wahyana 2003 : 70 Sekul Ambeng menika dipuncawisaken kangge dhahar para leluwur ingkang sampun seda. Kanthi sajen sekul ambeng menika wujudipun ngaosi dhateng para leluwur. sekul ambeng menika sekul ingkang dipuncawisaken pepak kaliyan lawuhipun. Wonten ing sajen kendhuri wilujengan menika ingkang dados sarampadanipun inggih menika jangan kenthang, peyek kaliyan tempe garit. Wujudipun sekul ambeng kaliyan lawuhipun kados gambar ing ngandhap menika Gambar 62.Sekul ambeng kaliyan lawuhipun.doc.dhyan Katrangan : 1. Peyek 2. Jangan Kenthang 3. Tempe Garit 4. Sekul Ambeng 3 4 1 2 125

d. Jenang Putih, Jenang Abang, Jenang Baro-baro, Jenang Pliringan, Jenang Blowok

Jenang Putih menika kadamel saking glepung, santen, toya kaliyan sarem. Sedaya bahan dipunmasak sinambi dipunudhak. Jenang menika jenang putih saengga jenang menika mboten dipuntambahi napa-napa malih. Jenang Abang menika anggenipun damel bahanipun sami kaliyan damel jenang putih. Jenang putih ingkang tasih anget dipuntambahi gendhis Jawi sekedhik. Gendhis menika supados werninipun jenang dados abang. Jenang baro-baro inggih menika jenang putih ingkang dipunsukani parutan klapa kaliyan gendhis Jawi sekedhik wonten ing nginggilipun. Jenang pliringan inggih menika sepalih jenang abang, sepalihipun jenang putih. Jenang Blowok inggih menika jenang putih ingkang dipunsukani gendhis Jawi sekedhik wonten ing nginggilipun. Jenang-jenangan menika minangka simbul kelairaning manungsa. Andharan menika jumbuh kaliyan prathelanipun informan 04 “jenang putih niku kangge mengeti kula kaliyan panjenengan menika asalipun saking bapa ingkang warna pethak. Saking ibu ingkang warni abrit. jenang baro-baro niku supados ngertos barang sing ala lan sing becik. Sing ala ki gula jawa, sing becik kuwi jenang putihe. Jenang pliringan kuwi menawa ana apa-apa sing ora apik kareben sliring. Jenang Blowok niku pralambang nyuwun pangapura.”04 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 01 “jenang abang kuwi nyimbulake wiji seka ibu lan sik putih kae wiji seka bapak. Pliringan ki supaya barang kang ora becik kuwi ora bisa campur karo barang kang becik.jenang baro-baro menika upahe wong loro.jenang pliringan bebaya supaya sliring.”CLW01 126 Pratelan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Moertjipto 1996 : 96, Jenang putih menika minangka simbul wiji saking bapa, jenang abang minangka simbul wiji saking ibu, jenang baro-baro simbul supados saged mbedakaken tumindak ingkang ala kaliyan tumindak ingkang becik. Bab ingkang ala menika saged kaweca saking gendhis jawinipun lajeng ingkang becik saking jenang pethak wonten ing ngandhapipun. Jenang pliringan simbul dados tolak bala, menawi wonten ingkang mboten becik supados saged sliring. Jenang blowok simbul nyuwun pangapunten dhateng Gusti Ingkang Maha Agung menawi wonten kalepatan. Foto jenang kapacak wonten ing kaca 72.

e. Sekar Setaman

Sekar Setaman inggih menika salah satunggaling sajen ingkang dipunginakaken wonten ing Kendhuri Wilujengan, Kirab Brata kaliyan pagelaran Ringgit Purwa. Sekar setaman menika awujud sekar mawar, melathi, kanthil lan kenanga. Nama sekar-sekar menika ngemu teges bilih binawar mawar, saking kedaling lathi mlathi, bisa kumanthil-kanthil kanthil ing wardaya, kumenang-kenang kenanga ing ati. Miturut informan 01 saha 04 ingkang kalebet sekar setaman inggih menika sekar mawar abrit, sekar mawar pethak, mlati, kanthil lan kenanga. Andharanipun informan 01 kados ing ngandhap menika “nggih menika menawi simbol menika saged dipunwaos werni werni. Nanging secara umum menika, mawar abrit menika minangka bibit gesang saking ibu, lajeng pethak menika bibit gesang saking kakung. Lajeng menawi simbol saking negari menika merah putih. Dados simbol menika luwes anggenipun maos. Lajeng wonten kenanga, 127 kanthil, melati, menika saged dipunjarwa dhosokaken “kena menga, kumanthil ning ngati”. Menika arahipun dhateng pangandikane ingkang ngatos-atos, dados menawi ngendika menika kedah ingkang sae. Lajeng sekar menika saged dipunwaos simbol ganda ingkang arum, wonten mriki gesang menika ngendikanipun nyebar ganda arum. Kewajiban gesang menika bisa nyebar ganda arum tumindak becik karo sapa wae.”CLW01 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04 “mawar niku ateges binawar utawi penawar, umpaminipun wonten bebaya bisa dadi tolak bala, kembang melati niku dadi lathi ingkang ateges mralambangaken kabeh sing diomongke kuwi kudu dijaga, ora kena ngapusi. Kanthil niku saking tembung kumanthil-manthil ateges ngraketaken pasederekan banjur bisa pada rukun. ”CLW04 Pratelan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Pringgawidagda 2003 : 9, Sekar setaman menika tegesipun sedaya sekar ingkang wonten ing patamanan, namung tamtunipun boten badhe mendhet sedaya sekar ingkang wonten ing patamanan. Ingkang kalebet sekar setaman inggih menika sekar mawar abrit, sekar mawar pethak, mlathi, kenanga lan kanthil. Dipuntingali saking tembungipun sekar mawar menika ateges binawar utawi penawar. Sekar mlathi menika saking tembung lathi ingkang ateges sedaya ingkang dipunadharaken kedah dipunjagi. Sekar kanthil menika saking tembung kumanthil-manthil ateges ngraketaken pasederekan supados sedaya saged rukun. Lajeng kenanga, kanthil, melati, menika ugi saged dipunjarwa dhosokaken “kena menga, kumanthil ning ngati”. Menika arahipun dhateng pangandikannipun ingkang ngatos-atos, dados menawi ngendika menika kedah ingkang sae. Sekar menika saged dipunwaos simbol ganda ingkang arum, wonten mriki gesang menika nyebar ganda arum. Kewajiban gesang menika supados nyebar ganda arum kaliyan sinten kemawon. Ingkang