Wawancara Mendalam Caranipun Ngempalaken Data

25 4. handycam kangge ngrekam sedaya rantamaning Tradhisi Kirab Brata Metri Bumi.

F. Caranipun Nganalisis Data

Teknik analisis ingkang dipunginakaken inggih menika teknik analisis data induktif. Analisis data induktif bertujuan untuk memperjelas informasi yang masuk, melalui proses unitisasi dan kategorisasi.Endraswara, 2006:215 Ingkang dipunkajengaken saking andharanipun Endraswara inggih menika teknik analisis data menika nggadhahi ancas supados informasi ingkang mlebet langkung cetha, kanthi proses unitisasi saha dipunlajengaken kategorisasi. Sasampunipun ngempalaken data ingkang nyengkuyung panaliten dipunlajengaken analisis data. Analisis data menika kangge ngandharaken saking tradhisi Kirab Brata Metri Bumi, inggih asal-usulipun, prosesi, makna simbolik sajen saha paedahipun tradhisi Kirab Brata Metri Bumi wonten ing Dusun Kaliurang, Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman. Proses analisis menika badhe mbabar titilaksananipun tradhisi Kirab Brata Metri Bumi antawisipun saking observasi langsung wonten ing papan panaliten, wawancara mendalam, saking foto, rekaman saha sanesipun. Sasampunipun data- data kala wau dipunsinau saha dipunresepi lajeng dipundamel Abstraksi. Absatraksi inggih menika saking data-data kala wau dipundamel rangkuman inti, salajengipun dipunkelompokaken utawi dipunkategori miturut kelompokipun 26 supados langkung cetha antawisipun bab setunggal saha setunggalipun. Menawi sampun dipunkategorisasi lajeng dipunpriksa keabsahan datanipun saha damel dudutanipun. Pungkasanipun, data ingkang sampun dipunkempalaken lajeng dipunandharaken kaliyan gambar saha katranganipun kanthi runtut, supados perkawis ingkang dipunteliti saged dipunbabar kanthi cheta. G.Caranipun Ngesahaken Data Keabsahan Data menika kangge ngecek leres menapa mboten data saking panaliten. Kangge ngecek menika ngginakaken teknik triangulasi. Miturut Endraswara 2006:219 ngandharaken : Triangulasi berupa pengumpulan data ganda, yang lebih dari satu sumber, yang menunjukan informasi yang sama. Ingkang dipunkajengaken saking andharan wonten ing nginggil inggih menika teknik triangulasi inggih ngempalaken data saking maneka-warni narasumber, ananging taksih informasi ingkang sami utawi menapa kemawon ingkang saged dipundadosaken tandhingan kaliyan data panaliten. Triangulasi ingkang dipunangge wonten panaliten menika inggih triangulasi sumber saha triangulasi metode. Triangulasi sumber inggih menika ngempalaken data panaliten saking kathah narasumber, data saking wawancara setunggaling narasumber saha satunggalipun dipuntandhingaken kaleresanipun. Triangulasi metode inggih menika ngecek data satunggal saha satunggalipun. Wondene kanthi njumbuhaken asiling observasi berperanserta saha wawancara kaliyan nara sumber