112
Gambar 57. Bapak Aji Wulantara minangka sesulih saking Dinas Kab. Sleman potong sekul tumpeng kuning.doc.dhyan
Ingkang dipunsedhekahaken wonten ing acara Kendhuri Baritan inggih menika
asiling bumi
Kaliurang mawi
krowodan. Ingkang
kalebet dipunsedhekahaken kados ta tela ungu, tela bonggol, jagung, pisang, kimpul saha
kacang.Sedaya wowohan menika dipunrebataken sedaya warga Kaliurang saha sakiwatengenipun ingkang ndherek saha mersani upacara Kirab Brata Metri Bumi
Kaliurang. Andharan menika jumbuh kaliyan prathelanipun informan 02 “bibar kirab mubeng Kaliurang niku banjur krowodan ingkang sampun
dicepakake langsung padha dingo rebutan, ruyukan, gayeng. Ya istilahe sedhekah kanthi sarana krowodan kuwi mau, ana tela, kacang, jagung,
kimpul, ya pokoke wowohan.”CLW02
Sedaya warga saha sakiwatengenipun Kaliurang ingkang ndherek upacara Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang sami ngrebataken krowodan saha sekul kuning.
113
Gambar 58.Para warga ngrebataken krowodan saha sekul kuning.doc.dhyan
Ingkang dipunrebataka wonten ing acara Kenduri Baritan mboten namung krowodan utawi wowohan, ananging saking panitia sampun nyawisaken sekul
kuning ingkang dipuncekethongi alit-alit. Anggenipun ndamel sekul kuning inggih menika 100 kilo. Sedaya sekul kuning menika badhe dipunrebataken
wonten ing acara Kendhuri Baritan.
d. Pagelaran Ringgit Purwa
Pagelaran Ringgit Purwa menika dipunwiwiti sasampunipun Bergada Kirab Brata nglampahi laku mubeng Kaliurang. Bapak Camat Pakem ngaturaken
salah satunggaling tokoh wayang nun inggih Raden Puntadewa dhateng dhalang Ki Bayu Sugati. Kalajengaken babaring Ringgit Purwa kanthi lampahan
Pandhawa Winisudha. Kados asiling dokumentasi ing ngandhap menika.
114
Gambar.59. Pagelaran Ringgit Purwa.Doc.dhyan Cariyos wonten ing salebeting lampah ringgit purwa kanthi ira-irahan
Pandhawa Winisudha inggih menika pandhawa babad alas Wanamarta utawi alas Mrentani ingkang dados jejeranipun inggih menika saking Bratasena pamit
kaliyan Ibu Kunthi badhe babad alas Mrentani. Saking pituduhipun bapagurunipun, inggih menika Bapa Pendeta Durna. Sajatosipun Bapa Durna
menika badhe ngloropaken utawi nyengsarakaken dhateng Werkudara menika. Ingkang dipunangkah menawi Werkudara menika dipundhawuhi babad alas
Mrentani. Alas Mrentani menika alas ingkang gawat keliwat-liwat, dipunangkah bilih mlebet wonten ing alas menika Werkudara bakal pejah. Namung Werkudara
menika lajeng kenging gegayan saking makhluk para jin setan ingkang mapan wonten mriku. Kenging pedut upas, dipunkroyok dening bangsanipun jin setan
ingkang mapan wonten mriku. Lajeng sasampunipun Werkudara kekirangan daya sampun kepikut wonten satengahing wana menika, lajeng Janaka menika ingkang
nggadhahi lisah jayeng katon dipuniguhaken kaliyan pamongipun Ki Lurah Semar
115
supados nulungi Werkudara. Sasampunipun dipuntulungi kaliyan janaka, lajeng saged uwal saengga para raseksa ingkang mapan wonten ing wana menika lajeng
takluk kaliyan Pandhawa. Lajeng alas Mrentani menika gantos wujud dados Kraton Ngamarta. Lajeng Pandhawa madeg wonten negara Ngamarta menika.
Dipuntingali saking lampahipun Ringgit Purwa taun menika kanthi lampah Pandhawa Winisudha ingkang nggadhai ancas ngupayakaken tlatah Kaliurang.
Ugi saged dipuntingali lampahing Ringgit Purwa setunggal taun kepengker kanthi lampah Sri Mulih. Lampahing pagelaran Ringgit Purwa menika mundhut lakon
ingkang trep minangka ngupayakaken tlatah Kaliurang tentrem saha regeng pariwisatanipun kados saderengipun kurdaning Redi Merapi rikala taun 1994.
D. Makna Simbolik Sajen
Makna-makna wonten ing salebeting sajen ingkang dipunangge wonten ing upacara Kirab Brata Metri Bumi tamtu mujudaken pralambang-
pralambang. Simbol-simbol menika nggadhahi ancas tartamtu wonten ing salebeting sajen ingkang dipunginakaken. Prosesi ing upacara Kirab Brata
Metri Bumi ingkang ngginakaken sajen wonten sekawan prosesi. Sekawan prosesinipun inggih menika Kendhuri Wilujengan, Kirab Brata, Kendhuri
Baritan kaliyan pagelaran Ringgit Purwa. Wonten ing upacara Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang menika sajenipun arupi tetedhan saha sajen sanesipun
tetedhan. Makna simbolik sajen ingkang dipunginakaken ing upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi dipunandharaken kados ing ngandhap menika.