Makna Simbolik Sajen GEGARAN TEORI

18 18 simbolik utawi ancas tartamtu ingkang dipunanggep penting wonten ing salebeting pagesangan. Adhedhasar andharan wonten ing nginggil saged kapundhut dudutan bilih sajen ingkang dipunginakaken wonten ing upacara Kirab Brata Metri Bumi ing Dusun Kaliurang, Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman menika wujud raos syukur dhateng Gusthi Ingkang Maha Agung. Ancasipun sajen menika supados pikantuk berkah kawilujengan saha katentreman saking Gusti Ingkang Maha Agung. Panaliten ingkang laras kaliyan panaliten upacara tradhisi Kirab Brata wonten ing Dusun Kaliurang, Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman menika sampun dipuntindhakaken dening panalitenipun Sandra Delli Marselina wonten ing taun 2011 kanthi ira-irahan upacara tradhisi Malem 1 Sura wonten ing Desa Traji, Kecamatan Parakan, Kabupaten Temanggung Jawa tenggah. Panalitenipun ngasilaken: 1. prosesi upacara tradhisi Malam 1 Sura wonten ing Desa Traji, Kecamatan Parakan, Kabupaten Temanggung Jawa tenggah, 2. makna simbolik wonten ing Sesaji upacara tradhisi Malam 1 Sura wonten ing Desa Traji, Kecamatan Parakan, Kabupaten Temanggung Jawa tenggah, 3. faedah dipunwontenaken upacara tradhisi Malam 1 Sura wonten ing Desa Traji, Kecamatan Parakan, Kabupaten Temanggung Jawa tenggah. 19 19 Panalitenipun Sandra Delli Marselina nggadhahi bab ingkang sami kaliyan Panaliten upacara tradhisi Kirab Brata wonten ing Kaliurang inggih menika sami- sami dipunwontenaken ing malem 1 Sura. kajawi wonten saminipun ugi wonten bedanipun, bedanipun inggih menika wonten ing upacara Kirab Brata Metri Bumi ingkang dipunarak sanes nganten, ananging arak-arakanipun paraga kirab saha sajenipun kirab. 20

BAB III CARA PENELITIAN

A. Jinising Panaliten

Panaliten upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi ing Dusun Kaliurang, Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman menika kalebet jinising panaliten kualitatif. Penelitian kualitatif merupakan penelitian yang menghasilkan data deskripsi berupa kata- kata tertulis atau lisan dari orang-orang dan perilaku yang dapat diamati. Jadi, dalam penelitian ini dilakukan pengumpulan data yang diambil secara langsung dari lapangan. Moleong, 1993 : 3 Adhedhasar pamanggih saking Moleong babagan panaliten kualitatif menika samangkih ngasilaken data deskripsi inggih menika ngandharaken data sinerat utawi lisan ingkang saking asiling wawancara saha observasi langsung wonten ing papan panaliten. Saking panaliten budaya wonten gayutanipun kaliyan bab satunggal saha satuggalipun. Perkawis menika nuduhaken bilih panaliten budaya menika boten saged mbabar satunggal bab kemawon, amargi taksih wonten bab satunggalipun ingkang nyawiji. Cara makaten kangge ngawekani beda pangertosan antawisipun para paraga upacara ingkang dereng mangertos. Pramila saking menika panaliti ngginakaken panaliten kualitatif anggenipun ngandharaken data saking papan panaliten. 21

B. Setting Panaliten

Upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi dipunwontenaken ing Dusun Kaliurang, Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman. Upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi kalaksanan saben taunipun, inggih menika malem 1 Sura utawi wulan November. Ingkang dados paraga ing upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi inggih warga masyarakat Dusun Kaliurang, Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman. Mila bukanipun prosesi upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi inggih nyawisakenpapan saha pandameling sajen. Lampahing upacara kirab brata dinten rebo surya kaping 14 November 2012 wiwit pukul 21.00 WIB. Kangge manggihaken data ingkang awujud wawancara kanthi nyuwun pirsa dhateng para informan ingkang saged makili paring informasi babagan upacara Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang.

C. Sumber Data Panaliten

Sumber data panaliten inggih menika saking keutuhan setting panaliten. Setting panaliten ingkang arupi papan, wekdal, paraga saha titilaksananing upacara Kirab Brata Metri Bumi. Sumber data panaliten inggih menika upacara Kirab Brata Metri Bumi wonten ing Dusun Kaliurang, Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman. Paraga ingkang ngayahi Kirab Brata inggih menika Paguyuban Pangesthi Jawi. Titilaksananing upacara Kirab Brata Metri Bumi kaperang dados kalih acara inggih menika cecawis sajen saha lampahing upacara Kirab Brata Metri Bumi. Lampahing upacara Kirab Brata Metri Bumi ing dinten rebo surya kaping 14 November 2012 wiwit pukul 21.00 WIB. 22 Caranipun manggihaken informan kanthi teknik sampling purposive. Mardalis, 2004:106, ngandharaken bilih caranipun Teknik sampling purposiv engginakaken informan wonten ing salebeting paguyuban saengga sampling informan ingkang dipunpundhut saged makili karakteristik populasi ingkang dipunteliti. Teknik sampling purposive ing mriki kanthi nemtokaken informan ingkang saged makili. Wonten ing panaliten menika nyuwun pirsa dhateng para sesepuh Paguyuban Pangesthi Jawi ingkang nyengkuyung tradhisi Kirab Brata Metri Bumi menika. Kanthi cara menika supados nggampilaken panaliti anggenipun ngempalaken data-data kangge nyengkuyung asiling panaliten.

D. Caranipun Ngempalaken Data

Teknik pangempalan data wonten ing panaliten menika ngginakaken obsevasi berperanserta saha wawancara mendalam. Kanthi panjangka supados datanipun langkung kathah saha lengkap. Obsevasi berperanserta sahawawancara mendalam badhe dipunandharaken wonen ing ngandhap menika.

1. Observasi berperanserta

Cara ngempalaken data wonten ing panaliten menika dipunwiwiti kanthi observasi berperanserta. Herdiyansyah 2010:63, ngandharaken bilih nglampahi observasi berperanserta, panaliti ngamati saha nderek langsung wonten ing salebeting kegiatan ingkang dipunteliti.Angenipun ngempalaken data Observasi inggih nderek lampahing tradhisi Kirab Brata Metri Bumisaking acara menika kawiwitan dumugi purna. Cara menika supados panaliti mangertosi lampahipun upacara kanthi runtut kangge panyengkuyung anggenipun nyerat asiling panaliten.