Upacara Tradhisi Upacara Kirab Brata Metri Bumi

13 13 Miturut pamanggihipun warga masarakat ing Dusun Kaliurang, Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman upacara tradhisi Kirab Brata menika nglampahi laku bisu. Laku bisu menika mlampah ngubengi Dusun Kaliurang saking Tlaga Putri mangilen dumugi Gardu Pandhang lajeng mangidul dumugi lapangan Wara lajeng mangetan dumugi Tugu Udang ngantos Tlaga Putri lakunipun kanthi mbisu utawi anggenipun mlampah menika kanthi mendel mboten pareng wicantenan kaliyan sinten kemawon. Ingkang dipunkajengaken saking andharan wonten ing nginggil menika Kirab Brata Metri Bumi inggih namung patrap. Patrap Bisu ngubengi Dusun Kaliurang menika. Masyarakat Kaliurang wonten ingkang mastani Tapa Bisu ananging kapilih ingkang nama Laku Bisu, amargi Tapa Bisu menika kaandharaken kados ing ngandhap menika. Miturut Baoesastra Djawa 1939:592 Tapa menika ateges nglakoni mati rasa sarta soemingkir saka ing alam rame. Adhedasar saking Baoesastra Djawa menika ingkang dipunkajengaken Tapa menika nglakoni mati rasa inggih mendel lajeng sumingkir saking alam rame. Andharan menika beda kaliyan Kirab Brata Metri Bumi wonten ing Dusun Kaliurang, Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman amargi Kirab Brata Metri Bumi menika dipunlampahi sesarengan kaliyan warga masarakat wonten ing sakiwa tengenipun Kaliurang mliginipun paguyuban Pangesthi Jawi. Saengga Tapa Bisu menika namung patrap laku bisu. Wonten ing upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi menika ancasipun supados masarakat wonten ing Kaliurang saha sakiwa tengenipun Redi Merapi 14 14 tansah pinaringan keslametan saha kemakmuran. Amargi kurdaning Redi Merapi rikala taun 1994 kepengker ndadosaken kawontenan ing Kaliurang saha sakiwa tengenipun Redi Merapi tansah nandhang sungkawa. Upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi menika mila bukanipun saking pamanggihipun Paguyupan Pangesthi Jawi. Paguyuban Pangesthi Jawi menika pakempalanipun tiyang sepuh saha enem wonten ing Kaliurang ingkang sinau babagan kasusastran Jawi. Ingkang dipunbabar wonten ing Paguyuban Pangesti Jawi inggih menika babagan macapat, kidung saha ingkang gayut kaliyan kabudayan Jawi. Macapat saha kidung menika dipunbabar dening sesepuh pangesthi jawi lajeng dipunpadosi wosing tembang saha kidung menika. Saking pasinaon menika saged ndadosaken Paguyuban Pangesthi Jawi menika langkung kathah ngelmu ingkang dipunmangertosi. Paguyuban Pangesthi Jawi asring kempalan saengga ndadosaken penggalih ngawontenaken upacara Kirab Brata Metri Bumi menika saben wulan Sura. Paguyuban Pangesthi Jawi prihatos ninggali kawontenanipun masarakat ing Kaliurang saha sakiwa tengenipun Redi Merapi amargi kurdaning Redi Merapi rikala taun1994 kepengker. Upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi menika ngubengi Dusun Kaliurang kanthi mendel kemawon ngantos papan ingkang sampun dipuntemtokaken. Sedaya warga masarakat Kaliurang saha sakiwa tengenipun nyengkuyung anggenipun ngawontenaken upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi menika. Upacara menika nuduhaken bilih panyengkuyungipun warga masarakat Jawi 15 15 mliginipun warga masarakat Dusun Kaliurang sami kompak anggenipun nguri-uri kabudayan Jawi. Upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi wonten ing Dusun Kaliurang, Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman menika nggadhahi ancas supados masarakat wonten ing Kaliurang saha sakiwatengenipun Redi Merapi tansah pinaringan keslametan saha kemakmuran. Upacara menika dipunwontenaken wonten ing warsa enggal inggih menika wulan Sura. Wonten ing ngandhap menika badhe kaandharaken babagan suran.

E. Suran

Kamajaya 1992 : 6, ngandharaken bilih Suran inggih menika tradhisi warsa enggal Jawi kangge mengeti utawi nyambut warsa enggal 1 Sura. Miturut Purwadi 2005 : 26, Suran mujudaken tradhisi warsa enggal Jawi. Masarakat Jawi mengeti 1 Sura kanthi maneka warni cara, antawisipun wonten ingkang semedi, kungkum, lampah bisu, tirakatan ing papan-papan ingkang kaanggep wingit utawi ing pasareyan lan sapanunggalanipun. Wonten ing salebetipun upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi ing masyarakat ngandhut simbol-simbol ingkang nggadhahi paedah kangge nggayutaken donya nyata kaliyan donya kasat mata. Simbol-simbol menika saged awujud tetedhan, sekar, menyan saha sajen sanesipun. Wonten ing upacara Kirab Brata Metri Bumi menika ngginakaken maneka warni sajen. Saking maneka warni sajen kala wau gadhah makna simbolik 16 16 piyambak-piyambak, saengga wonten ing nginggil menika badhe kaandharaken babagan makna simbolik.

F. Makna Simbolik

Tembung Simbol menika saking Yunani. Symbolos tegesipun tandha utawi titikan ingkang nuduhaken satunggaling bab dhateng tiyang. Tiyang gesang wonten ing alam donya menika ngginakaken simbol ingkang wonten gayutanipun kaliyan gesang ing padintenan. Simbol dipunginakaken masyarakat Jawi kangge sarana ngandharaken wosing simbol kapurih para warga saha para mudha mangretosi menapa ingkang dipunkajengaken saking simbol menika. Simbol atau lambang adalah semacam tanda, lukisan, perkataan, lencana dan sebagainya yang menyatakan sesuatu hal atau mengandung maksud tertentu. Herusatoto 2003:10 Ingkang dipunkajengaken saking andharan wonten ing nginggil inggih menika bilih lambang menika perangan tandha, gambar, utawi perangan sanesipun ingkang nuduhaken salah satungaling bab saha ngandhut kekajengan tartamtu. Tuladhanipun warni pethak nuduhaken simbol kesucian lajeng gambar pari nuduhaken kemakmuran. Adhedhasar pangretosan saking nginggil, panaliten menika badhe mbabar makna simbolikipun upacara tradhisi Kirab Brata. Inggih menika badhe mbabar sajen ingkang dipunangge wonten ing upacara tradhisi Kirab Brata Merti Bumi Dusun Kaliurang, Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman. Amargi wonten ing upacara Kirab Brata menika ngandhut wosing simbol ing 17 17 upacara tradhisi menika. Sajen menika dados wujudipun raos syukur utawi simbol saking panyuwunan wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung. Simbol-simbol wonten ing upacara tradhisi menika nggadhahi paedah ingkang maneka-warni. Kajaba nggadhahi paedah religi, simbol ugi nggadhahi paedah seni utawi dados piranti ingkang nggayutaken donya nyata kaliyan donya kasat mata. Kangge ngupayakaken upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi menika saged kaleksanan kanthi lancar, pramila Paguyuban Pangesthi Jawi minangka paraga upacara badhe caos pisungsung arupi sajen. Wonten ing ngandhap menika badhe kaandharaken babagan sajen.

G. Sajen

Miturut W. J. S Poerwadarminta 1939 : 537 sadjen inggih menika kembang, panganan lsp. kang disadjekake marang lelemboet. Wernanipun sajen menika mboten namung tetedhan kemawon, ananging saged arupi sekar saha piranti sanesipun. Sajen ingkang arupi tetedhan utawi sekar kangge lelembut ingkang mbauregsa wonten ing papan tartamtu. Sajen asring kangge upacara- upacara tradhisi minangka simbolikipun kangge nggayutaken donya nyata kaliyan donya kasat mata. Maneka warnaning sajen dipunginakaken wonten upacara-upacara menika nggadhahi simbolis saha ancas tartamtu gumantung upacarananipun. Paedahipun sajen menika minangka sedhekah saha kangge komunikasi kaliyan makluk kasat mata. Sedaya wujud sajen ingkang dipunginakaken menika gadhah makna