Dupa Sajen Ringgit Purwa a. Ingkung

147

E. Paedahipun Upacara Kirab Brata Metri Bumi

Upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman menika taksih dipuntindakaken mliginipun dening Paguyuban Pangesthi Jawi saha sedaya warga masyarakat Kaliurang. Paguyuban Pangesthi Jawi minangka paraga upacara tansah nguri-uri saha ngrembakakan upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi ingkang sampun turun- tumurun menika. Upacara kasebat taksih dipuntindakaken ngantos dumugi samenika, amargi wontenipun paedah-paedah saking upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi menika. Upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi menika nggadhahi paedah- paedah ingkang sae tumpraping warga masarakat. Paedah-paedah ingkang wonten ing upacara kasebat inggih menika paedah spiritual, paedah sosial, paedah ekonomi lan paedah pelestari tradhisi. Saking panaliten ingkang sampun dipunlampahi, pramila paedah upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi menika saged dipunandharaken kados ing ngandhap menika. 1. Paedah Spiritual Kirab Brata paring paedah tumrap masarakat ingkang nglampahi. Paedah spiritualipun, Kirab Brata menika saged minangka sarana kangge ngeningaken panggraita. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 “fungsi religinipun menika dhateng bathos, manfaatipun menika dhateng bathos. Temtunipun sasampunipun dipunwontenaken upacara 148 kirab brata, metri bumi kanthi kirab brata menika temtunipun lajeng ndayani bathos menika ayem, tegesipun menawi kewajiban menika sampun katindakaken menika njalari penggalih menika tentrem. Ing arahipun dhateng tentreming penggalih. Boten namung tumrap warga pangesthi Jawi kemawon, ananging tumrap masarakat piyambak ugi tentrem.”CLW01 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 09 “kalau kirabnya itu lebih ke introspeksi dan doa keselamatan.”CLW09 Manah ingkang wening menika ndadosaken katentremaning gesang. Tiyang saged nglirwakaken bab-bab ingkang ndadosaken gesangipun tebih saking katentreman. Kanthi nglampahi kirab brata pramila tiyang saged nyenyepi, menggalih menapa ingkang saged ndadosaken gesangipun tentrem. Wonten ing upacara Kirab Brata Metri Bumi menika masarakat nyuwun dhateng Gusti Ingkang Maha Kuaos supados tansah pinaringan kawilujengan.

2. Paedah Sosial

Kirab Brata dipunsengkuyung dening sedaya masarakat Kaliurang. Menika nuduhaken bilih kirab brata nggadhahi paedah sosial. Wontenipun Kirab Brata ndadosaken pasedherekan para warga langkung rumaket. Masarakat sesarengan anggenipun nyamaptakaken sedaya ubarampe kangge upacara Kirab Brata Metri Bumi. Saperangan masarakat wonten ingkang masak kangge sesajen, saperangan malih wonten ingkang nyamaptakaken pirantos ingkang badhe dipunbekta nalika mlampah kirab, saha saperangan sanesipun mundhut toya wonten ing pitung sumber. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01