Tukon Pasar Sajen Ringgit Purwa a. Ingkung

141 robyong, kembang setaman, karo kinang diwungkus godhong dhewe- dhewe. Pisang sanggan niku karepe supaya anggone nganakaken adicara pikantuk kekiyatan saking Gusti supados disangga kang wujude gedhang sanggan.” CLW 01 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04 “arane pisang sanggan ana pisang, kinang, kembang setaman, pisange niku dadi siji karo tumpeng robyong, kembang setaman karo kinang diwadhahi godhong. Sajen kuwi tujuane supaya bisa kaleksanan kanthi lancar.”CLW04 Pratelan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Pringgawidagda 2006 : 43, ngandharaken bilih sanggan awujud setangkep pisang raja, pisang sanggan menika kapilih jinising pisang raja ingkang ageng-ageng. Pisang sanggan menika mujudaken sajen wonten ing pagelaran ringgit purwa. Pisang sanggan menika minangka simbul kekiyatan ingkang ateges kekiyatan utawi sanggan anggenipun badhe nindakaken pagelaran ringgit purwa supados tansah pinaringan kawilujengan saha saged lumampah kanthi lancar. Foto Pisang sanggan kapacak wonten ing kaca 88.

e. Arta Wajib

Arta Wajib menika salah satunggaling sajen wonten ing pagelaran ringgit purwa. Arta wajib menika kangge njangkepi sajen ingkang kirang. Ingkang dipunkajengaken sajen ingkang kirang inggih menika mbok bilih wonten sajen ingkang mboten pepak, arta wajib menika ndadosaken sajen menika jangkep. Adhedhasar kanthi iklas pinten kemawon arta wajib ingkang dipunginakaken. Arta wajib menika ugi minangka kancing donga. Ingkang dipunkajengaken kancing donga inggih menika donga ingkang dipunucapaken wonten ing sedaya 142 rerangken upacara Kirab Brata Metri Bumi saged sampurna mawi arta wajib menika. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01. “arta wajib nggih niku mbok menawa ana sajen sing kurang, para leluwur dipepaki ngangge arta wajib menika. Karepe niku kangge sedhekah. Kancing donga kangge pak rois ingkang ndedonga niku. ”CLW01 Andharan menika dipunsengkuyung dening prathelanipun informan 04 “artane niku nek sajene dereng pepak supaya njangkepi sajen, langkung sampurna donga ingkang dipunucapaken menawi dipunjangkepi kaliyan arta wajib. Artane niku cara dene sedhekah kangge sing ndongani, pak rois nika”CLW04 Pratelan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Mulyani 2010 : 89, ngandharaken bilih arta wajib dipunginakaken kangge jejangkep sajen, pramila menawi ing salebetipun paring sajen menika wonten ingkang kirang, para leluwur ingkang dipuncaosi sajen menika kapurih tumbas piyambak. Arta wajib nggadhahi makna kangge njangkepi sajen, menawi anggenipun nyawisaken sajen wonten ingkang kirang, arta menika saged njangkepi sajen ingkang kirang dados sajen ingkang jangkep. Foto arta wajib kapacak wonten ing kaca 86.

f. Kinang

Kinang menika salah satunggaling sajen ingkang kalebet wonten sajen Ringgit Purwa. Kinang menika wujudipun sedhah, gambir, injet lan sata. Kinang menika mujudaken simbul sesembahan kita dhateng para leluwur, supados pinaringan berkah pangestunipun para leluwur. Sajen kinang menika kanthi pangajab supados upacara Kirab Brata saged lumampah kanthi lancar. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01.