Sekar Setaman Sajen Ringgit Purwa a. Ingkung

145 dipunkajengaken nyebar ganda arum menika kanthi tumindak saha pangandikanipun ingkang sae kaliyan sinten kemawon. Foto sekar setaman kapacak wonten ing kaca 85.

h. Dupa

Dupa ingkang ngedalaken kebul menika minangka simbul supados kebulipun saged ngambar-ambar nglantaraken donga ingkang sampun dipunucapaken wonten ing salebeting upacara Kirab Brata. Kanthi pangajab supados lampahing upacara saged kaleksanan kanthi lancar. Kebulipun saged minggah dumugi wonten ngarasa dalem Gusti Ingkang Maha Agung. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 “Namung wangsul malih dupa menika nggih mbok bilih sami kaliyan sekar, nyebar ganda arum. Nanging wonten mriki menika nggih sami kaliyan sekar, nyebar ganda arum. Menika estunipun nyimbulaken supados nglantaraken donga kita dumugi ngersaning Gusti.” CLW 01 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04. “dupa niku kangge lantaran menawi badhe kepangggih roh alus. Saged ugi nglantaraken donga ing Gusthi Allah. Kebule dupa nikaminggah lajeng dumugi wonten ing nginggil rika. Dupa ambune wangi ta nggih, nyebar wewangian.CLW04 Pratelan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Maharkesti, dkk 1988-1989 : 160, dupa ingkang ngedalaken kebul nggadhahi makna supados roh-roh leluhur mbiyantu panyuwunanipun masarakat ingkang nindakaken upacara. Dupa menika minangka simbol kangge nglantaraken donga tumuju wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung. Kebulipun dupa 146 ingkang kabesem ngambar-ambar gandanipun menika dados pralambang nyebar ganda arum wonten ing alam donya menika. Ingkang dipunkajengaken nyebar ganda arum menika tiyang gesang wonten ing alam donya menika menawi tumindak saha ngendikan ing padintenan kedah ingkang sae dhateng sinten kemawon.

i. Empluk lan kendhi

Empluk lan kendhi menika salah satunggaling sajen ringgit purwa. Empluk, kendhi menika nyimbolaken piranti-piranti pawon. Empluk minangka gegambaraning wadhah uwos, kendhi mujudaken simbol wadhah toya. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 06. “empluk kuwi wadhah beras, kendhi kuwi wadhah banyu, ya iki kabeh kanggo nyimbolake piranti mangsak jaman mbiyen. Mula ana berase ing njerone emlpuk kuwi, menika harapan, karepe ben cukup kebutuhan uripe. ”CLW06 Andharan kesebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 07 “empluk, kendhi niku alat mangsak jaman rumiyin. Nggih kados alat masak nika nanging cilik-cilik. Namung nyimbolke alat masake jaman mbiyen iku inggih kaya ngaten niku, karepe supaya butuhe awake dhewe cukup sakabehane.”CLW07 Pratelan ingkang sampun kaweca wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Suryakusuma 2003 : 37 sajen ingkang arupi empluk, kendhi menika minangka simbol gegambaraning piranti-piranti pawon wonten ing jaman rumiyin. Empluk minangka simbol wadhah uwos lan kendhinipun minangka simbol wadhah toya. Empluk lan kendhi wonten ing sajen ringgit purwa menika nggadhahi pangajab supados sedaya saged cekap kabetahanipun tiyang gesang. Mliginipun kabetahan pangan ing padintenanipun warga masyarakat kaliurang saha sakiwatengenipun. Foto empluk saha kendhi kapacak wonten ing kaca 88. 147

E. Paedahipun Upacara Kirab Brata Metri Bumi

Upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman menika taksih dipuntindakaken mliginipun dening Paguyuban Pangesthi Jawi saha sedaya warga masyarakat Kaliurang. Paguyuban Pangesthi Jawi minangka paraga upacara tansah nguri-uri saha ngrembakakan upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi ingkang sampun turun- tumurun menika. Upacara kasebat taksih dipuntindakaken ngantos dumugi samenika, amargi wontenipun paedah-paedah saking upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi menika. Upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi menika nggadhahi paedah- paedah ingkang sae tumpraping warga masarakat. Paedah-paedah ingkang wonten ing upacara kasebat inggih menika paedah spiritual, paedah sosial, paedah ekonomi lan paedah pelestari tradhisi. Saking panaliten ingkang sampun dipunlampahi, pramila paedah upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi menika saged dipunandharaken kados ing ngandhap menika. 1. Paedah Spiritual Kirab Brata paring paedah tumrap masarakat ingkang nglampahi. Paedah spiritualipun, Kirab Brata menika saged minangka sarana kangge ngeningaken panggraita. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 “fungsi religinipun menika dhateng bathos, manfaatipun menika dhateng bathos. Temtunipun sasampunipun dipunwontenaken upacara