Ancasing Panaliten Paedahing Panaliten 1. Paedahing Teoritis

8

BAB II GEGARAN TEORI

A. Kabudayan

Tembung kabudayan inggih menika saking tembung buddhayah,ingkang awujud jamak saking tembung buddhi inggih menika ” budi “ utawi “ akal”. Kabudayan menika ateges bab ingkang wonten gayutanipun kaliyan budi saha akal, asiling akal.Asiling akal menika ngasilaken tindak-tandukipun tiyang ingkang ajeg wonten masyarakat. Koentjaraningrat 1984 : 9 ngandharaken : Kebudayaan adalah keseluruhan gagasan dan karya manusia yang harus dibiasakannya dengan belajar, beserta keseluruhan dari hasil budi dan karyanya itu Ingkang dipunkajengaken saking andharan wonten ing nginggil inggih menika kabudayan boten namung nengenaken naluri. Saking sedaya penggalihanipun tiyang menika kedah gladhi langkung rumiyin, saengga saged nglaeraken salah satunggaling kabudayan. Ngrembakaning kabudayan menika tamtu saking asiling upiya saha panyengkuyungipun sedaya warga masyarakat. Wonten salebeting Kabudayan ngandhut saperangan bab ingkang kedah dipungatosaken. Bab ingkang dipunasilaken akal budi ndadosaken ide utawi penggalihan. Koentjaraningrat 1990 :187 ngandharaken : Akal budi akan menciptakan suatu ide-ide atau gagasan yang diwujudkan dalam suatu karya yang dapat diwujudkan secara nyata, yang akhirnya merupakan suatu kebudayaan. Ingkang dipunkajengaken saking andharan wonten ing nginggil inggih menika bilih akal budi badhe ngasilaken ide utawi penggalihan. Ingkang dipunwujudaken dados salah satunggaling asil ingkang nyata, ingkang badhe 9 9 ndadosaken kabudayan. Kabudayan menika sistem gagasan, tindakan sarta asiling penggalihanipun manungsa wonten ing pagesanganipun. Koentjaraningrat 1984 : 2 ngandharaken : Unsur-unsur kebudayaan yaitu : 1. Sistem religi dan upacara keagamaan 2. Sistem dan organisasi kemasyarakatan 3. Sistem pengetahuan 4. Bahasa 5. Kesenian 6. Sistem mata pencaharian hidup 7. Sistem teknologi dan peralatan Ingkang dipunkajengaken saking andharanipun Koentjaraningrat 1984:2 wonten saperangan bab ing salebeting kabudayan inggih menika 1.Sistem religi saha upacara ingkang wonten gayutanipun kaliyan agama inggih menika salahsatunggaling kapitadosan ingkang dipunlampahi dening masyarakat saha wonten gayutipun kaliyan Gusti Ingkang Maha Agung. 2. Sistem saha organisasi ingkang wonten ing masyarakat menika gegayutan kaliyan awakipun piyambak utawi diri pribadhi kaliyan kelompok saha kaliyan masyarakat. 3. Sistem Pengetahuan menika salahsatunggaling bab ingkang mboten nyata utawui rill, ananging kawontenanipun dipunbetahaken saged kangge ngrembakakaken maneka-warni pangretosan. 4. Basa dipunginakaken tiyang kangge wicantenan kaliyan tiyang sanes. Tuladhanipun Basa Jawi ingkang dipunginakaken kaliyan masyarakat Jawi. 5. Kesenian inggih menika salahsatunggaling saking penggalihanipun tiyang saengga ngasilaken hiburan utawi tontonan kangge masyarakat. 6. Sistem mata pencaharian hidup menika kangge nyekapi kabetahanipun tiyang gesang. 7. Sistem teknologi saha pirantinipun inggih 10 10 menika salah satunggaling pangretosan ingkang dipungadhahi masyarakat kangge damel piranti bab teknologi. Adhedhasar mawarni-warnining kabudayan wonten ing ngginggil menika, ingkang kalebet salah satunggaling kabudayan inggih menika folklor. Wonten ing ngandhap menika badhe kaandharaken babagan folkor.

B. Folklor

Folklor inggih menika saking tembung folk kaliyan lore. Folk saged ugi ateges rakyat saha lore inggih menika tradhisi. Saengga folklore inggih menika salah satunggaling wujud tradhisi rakyat. Miturut Danandjaja, 1998 : 53 folk inggih menika kelompokipun tiyang ingkang nggadhahi titikan supados saged dipunbedakaken kaliyan kelompok sanesipun. Titikan ingkang mbedakaken inggih menika fisik, sosial saha kabudayanipun. Ingkang fisik menika wujud warnanipun kulit. Titikan sanesipun inggih menika nggadhahi Tradhisi tartamtu ingkang sampun turun-tumurun.Tradhisi menika ingkang dipunwastani lore. Tradhisi menika sampun turun-tumurun, saengga dados salah satunggaling adat ingkang nggadhahi titikan tartamtu kangge warganipun.Danandjaja 1998ngandharaken : fungsi folklor bagi pendukungnya yaitu a. untuk mempertebal rasa solidaritas b. Sebagai alat yang menyenangkan dan memberi hiburan. Ingkang dipunkajengaken saking andharan ing nginggil inggih menika faedahipun folklor kangge ngraketaken pasederekan. Saking asiling kabudayan saged kangge hiburan warga. Kejawi saking menika ugi kangge sinau bab