Sekar Setaman Ayam Panggang

128 dipunkajengaken nyebar ganda arum menika kanthi tumindak saha pangandikanipun ingkang sae kaliyan sinten kemawon. Foto sekar setaman kapacak wonten ing kaca 73.

2. Sajen Kirab Brata a. Uwos Kuning

Sajen Kirab Brata menika migunakaken cepuk ingkang dipunisi uwos kuning, janur saha dhangsul cemeng. Cepuk menika badhe dipunpecah wonten ing papan tartamtu nalika nglampahi Kirab Brata mubeng kaliurang. Anggenipun negesi sedaya ubarampe kala wau dados setunggal sinebat uwos kuning. Andharan menika jubuh kaliyan pratelanipun informan 01 “wos kuning menika menawi dipunpendhet saking tembungipun rak wos menika rak nggih wigatos. Wosipun kuning menika wonten mriki, kirab menika winengku ing kaweningan. Dados menika, wosku menika batinku, nurku, menika inggih ning, kirab menika dhateng kaweningan. ”CLW01 Andharan wonten nginggil menika dipunsengkuyung dening prathelanipun informan 02 “wonten ing njerone cepuk niku wonten janur kuning, beras, karo dhele ireng. janur kuning menika ateges nur utawa cahya, dhele ireng nglambangaken bebaya, janur niku nggih karepe ateges tolak bala saking wontene sedaya bebaya ingkang badhe dhateng.. ”CLW02 Adhedhasar andharan wonten ing nginggil saged dipunpundhut dudutan bilih uwos kuning menika menawi dipunpendhet saking tembungipun wos menika wigatos. Dipuntingali saking werninipun kuning menika ateges ning. Dados uwos kuning menika wonten mriki, kirab menika winengku ing 129 kaweningan. Ingkang dipunkajengaken wosku inggih menika batinku wonten ing kaweningan. Upacara Kirab Brata menika nengenaken batos ingkang wening sadangunipun Kirab mubeng kaliurang. Kanthi pangajab nentremaken batos saking sedaya bebaya ingkang badhe dhateng mliginupun para paraga upacara Kirab Brata, warga kaliurang saha sakiwatengenipun. Foto uwos kuning kapacak wonten ing kaca 75.

b. Kinang

Kinang menika salah satunggaling sajen ingkang kalebet wonten ing Kirab Brata lan pagelaran Ringgit Purwa. Kinang menika wujudipun sedhah, gambir, injet lan sata. Kinang menika mujudaken simbul sesembahan kita dhateng para leluwur, supados pinaringan berkah pangestunipun para leluwur. Sajen kinang menika kanthi pangajab supados upacara Kirab Brata saged lumampah kanthi lancar. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01. “Kinang niku wujudipun anggenipun kita ngaosi tradhisi para leluwur kita supados dipunkabulaken para leluwur disuwun berkahe. Dadi kinang ayu kuwi lambang sesembahan kanggo leluwur kita.” CLW 01 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 02. “kinang niku minangka sesembahan dhateng leluhur kita ingkang rumiyinipun remen ngganten minangka sesembahan kangge para leluwur.” CLW 02 Pratelan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Pringgawidagda 2003 : 4, Kinang menika wujudipun sedhah, gambir, injet lan sata. Kinang menika minangka pralambang sesembahan kita dhateng para leluwur supados pikantuk berkah pangestunipun. Awit para leluwur kita rumiyin remen ngganten 130 utawi nginang, pramila kinang menika minangka sesembahanipun. Foto kinang kapacak wonten ing kaca 86.

c. Sekar Setaman

Sekar Setaman inggih menika salah satunggaling sajen ingkang dipunginakaken wonten ing Kirab Brata. Sekar setaman menika tegesipun sedaya sekar ingkang wonten ing patamanan, namung tamtunipun boten badhe mendhet sedaya sekar ingkang wonten ing patamanan menika, mila cekap dipunwakili dening saperangan sekar ingkang antawisipun awujud sekar mawar, melathi, kanthil lan kenanga. Nama sekar-sekar menika ngemu teges bilih binawar mawar, saking kedaling lathi mlathi, bisa kumanthil-kanthil kanthil, kumenang-kenang kenanga ing ati. Miturut informan 01 saha 04 ingkang kalebet sekar setaman inggih menika sekar mawar abrit, sekar mawar pethak, mlati, kanthil lan kenanga. Andharanipun informan 01 kados ing ngandhap menika “nggih menika menawi simbol menika saged dipunwaos werni werni. Nanging secara umum menika, mawar abrit menika minangka bibit gesang saking ibu, lajeng pethak menika bibit gesang saking kakung. Lajeng menawi simbol saking negari menika merah putih. Dados simbol menika luwes anggenipun maos. Lajeng wonten kenanga, kanthil, melati, menika saged dipunjarwa dhosokaken “kena menga, kumanthil ning ngati”. Menika arahipun dhateng pangandikane ingkang ngatos-atos, dados menawi ngendika menika kedah ingkang sae. Lajeng sekar menika saged dipunwaos simbol ganda ingkang arum, wonten mriki gesang menika ngendikanipun nyebar ganda arum. Kewajiban gesang menika bisa nyebar ganda arum tumindak becik karo sapa wae.”CLW01 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04