Ingkung Prosesi Upacara Kirab Brata Metri Bumi 1. Cecawis

63 Adhedhasar andharan wonten ing nginggil bumbunipun damel peyek inggih menika sarem, bawang dipunuleg ngantos alus, lajeng bumbu kala wau dipuncampur kaliyan glepung, gandum saha toya sacekapipun ngantos dados jladren peyek. Jladren peyek pundadosaken tigang wadhah punisi kacang, dhangsul cemeng, saha gereh lajeng dipungoreng. Nggoreng peyek rampung, dipunlajengaken damel sajen thontho. Bumbunipun migunakaken sarem saha bawang dipunuleg ngantos alus. Bumbu dipuncampur kaliyan glepung, gandum saha toya sekedhik lajeng dipunuleni ngantos kalis. Jladren kala wau dipundamel bunder-bunder alit lajeng dipungoreng. Sajen ugi dipunjangkepi mawi krupuk goreng.

3. Lalapan Krecek

Lalapan krecek menika ugi dados jodhonipun sekul tumpeng. Anggenipun damel lalapan krecek bahanipun krecek, jeroan ayam, klapa ingkang dipuniris alit- alit saha dhangsul cemeng. Sedaya bahan dipungoreng lajeng dipuncawisaken wonten ing piring. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 07 “lalapan krecek kuwi bahane krecek, jeroan ayam, klapa diiris-iris lan dhele ireng. Bahan kabeh mau digoreng nganti mateng. Kuwi dijenengake lalapan krecek.”CLW07 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 06 “sedaya bahan kados krecek, jeroan ayam, klapa ingkang dipuniris alit- alit karo dhele ireng digoreng kabeh, teros diwadhai piring.”CLW06 Lalapan krecek wujudipun kados foto ing ngandhap menika. 64 Gambar 12. Lalapan krecek.doc.dhyan Adhedhasar andharan wonten ing nginggil anggenipun ndamel lalapan krecek bahanipun krecek, dhangsul cemeng, klapa ingkang dipuniris alit-alit kaliyan jeroan ayam. Sedaya bahan kala wau dipuniris alit-alit lajeng dipungoreng. Lalapan krecek menika dados lawuhipun sekul ambeng.

b. Sekul Golong

Sekul golong inggih menika dados salah satungaling tetedhan kangge kendhuri wilujengan. Sekul Golong menika dipundamel saking sekul ingkang dipundang sampun mateng lajeng dipundamel golong. Sekul golong dipundamel ngginakaken cithakan asta. Caranipun damel sekul dipunkepel ngginakaken kalih asta ngantos bunder. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 06 “Sega golong niku nggih sega sing pun mateng didang, pas tasih anget nika banjur digolong, dibunderi nika.”CLW06 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 07 1 2 3 4