Uwos kuning Sajen Kirab Brata

77 Adhedhasar andharan wonten ing nginggil sekar setaman ingkang dipunginakaken inggih menika sekar mawar pethak, mawar abrit, melathi, kenanga kaliyan kanthil. Sedaya sekar kala wau dipuntumbas wonten ing peken. Sekar setaman menika minangka simbul nyebar ganda arum. Inggih menika arahipun dhateng pangandikan saha tumindak ingkang sae dhateng sinten kemawon. Kinangipun inggih menika sedhah, gambir saha saha injet. Sekar setaman, kinang saha dupa dipuntata dados setunggal wadhah.

c. Sekar Sawur

Sekar sawur ingkang dipunginakaken inggih menika sekar mawar abrit, mawar pethak, mlati saha kenanga. Sekar menika dipunwadhahi kranjang alit. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 “sekar sawuripun niku wonten sekar mawar abang putih sing sampun diprithili, mlati, kenanga niku. Sedaya niku kembange tumbas wonten peken. Mangkeh kembange niku disawur-sawurke wonten dalan rutene kirab mubeng Kaliurang niku. Karepe nyebar ganda arum.Wewangian.”CLW01 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04 “sekare niku sekar mawar abrit, mawar pethak, kanthil, kenanga kaliyan melathi diprithili alit-alit. mangkeh dipunsebar wonten ing margi pas mubeng kirab nika.”CLW04 Wujudipun kados gambar ing ngandhap menika. Gambar 32. Sekar Sawur. doc.dhyan 78 Adhedhasar andharan wonten ing nginggil sedaya sekar menika dipuntumbas wonten ing peken. Sekaripun inggih menika sekar mawar abrit, mawar pethak, kenanga saha melathi. Sekar sawur menika badhe dipunsawuraken wonten ing lampahing Kirab Brata mubeng Kaliurang. Sekar sawur menika kanthi ancas nyebar ganda arum. Nyebar ganda arum ingkang dipunkajengaken inggih menika tumindak saha anggenipun wicanten menika kedah ingkang sae dhateng sinten kemawon.

3. Sajen Kendhuri Baritan a. Krowodan

Tembung baritan menika saged kadhapuk saking tembung ‘barit’ utawa ‘barita’, nanging wonten ing kamus mboten dipunpanggihaken tembung menika. Adhedhasar saking wawancara tembung menika owah gingsir saking tembung bari, ingkang ateges sesarengan kados asiling wawancara ing ngandhap menika. “kendhuri baritan niku kenduren slamean kados kenduren slametan nika, namung sajene niku krowotan. Bari niku artine bareng-bareng, karepe ya slametan bareng-bareng niku.”CLW02 Andharan menika dipunsengkuyung dening prathelanipun informan 04 “baritan kuwi bareng-bareng. Anggone kendhuren baritan kuwi bareng- bareng.Bari kuwi karepe kambi utawa karo. Bareng-bareng karo warga Kaliurang kabeh”CLW04 Adhedhasar pratelan wonten ing nginggil bilih Kendhuri Baritan menika kendhuri wilujengan sesarengan sedaya warga masyarakat Kaliurang saha sakiwa tengenipun ingkang ndherek mersani upacara Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang. Sajen Kendhuri Baritan menika wonten sekul tumpeng kuning saha krowodan. Sekul kuningipun wonten ingkang dipundamel tumpeng ugi wonten ingkang