150
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 09 “pemasukane para warga dados nambah, wonten papan wisata tlaga
putri sing sade jadah tempe, sate kelinci, nggih werna-werna niku mesti payune. Penginapan, vila dados rame pengunjunge.”CLW09
Adhedhasar pratelan saking para informan saged dipunpundhut dudutan bilih, kawontenanipun para warga ingkang sesadean saha usaha
penginapan wonten ing wilayah kaliurang ndadosaken pemasukan ingkang langkung ageng tinimbang dinten-dinten biasa. Pramila wontenipun Kirab
Brata menika saged nambahi income masarakat dhaerah Kaliurang umumipun. Kejawi saking menika, Kirab Brata nggadhahi daya piyambak tumrap para
wisatawan.
4. Paedah Nglestantunaken Budaya
Paedah sanesipun saking Kirab Brata menika inggih ugi minangka sarana kangge nglestantunaken budaya wonten ing salebeting upacara menika.
Kejawi nglestantunaken Kirab Brata,
Upacara tradhisi
menika ugi nglestantunaken kendhuri wilujengan saha ringgit purwa. Andharan menika
jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 “upacara
menika cara
nglestarekake kabudayan,
wontene kendhurenan, baritan, kirab lan wayangan niku nek mboten
dianakake, banjur sinten malih nek mboten awake dhewe.”CLW01
Andharan menika dipunsengkuyung dening prathelanipun informan 02 “awakipun piyambak ngrasa nduweni kabudayan, lha niki salah siji
contone nganakake upacara kirab brata metri bumi, iki ngemot bab kabudayan, antarane ya urun nglestarekake. Jaman saiki uwis padha
151
modheren, pikirane ya mesti uwis owah melu perkembangane jaman.”CLW02
Kanthi wontenipun rerangken upacara Kirab Brata Metri Bumi menika ngemot acara-acara ingkang kalebet nglestantunaken kabudayan.
Rerangken acaranipun inggih menika Kendhuri Wilujengan, Kirab Brata, Kendhuri Baritan saha Pagelaran Ringgit Purwa. Sedaya rerangken acara
menika nggadhahi paedah ngrembakakaken kabudayan. Sedaya rerangken acara wonten ing salebeting upacara Kirab Brata Metri Bumi menika
salasatunggaling upiya nguri-uri kabudayan Jawi. Cara menika supados Kabudayan Jawi mboten kagingsir jaman samenika.