Jenang Putih, Jenang Abang, Jenang Baro-baro, Jenang Pliringan, Jenang Blowok

127 kanthil, melati, menika saged dipunjarwa dhosokaken “kena menga, kumanthil ning ngati”. Menika arahipun dhateng pangandikane ingkang ngatos-atos, dados menawi ngendika menika kedah ingkang sae. Lajeng sekar menika saged dipunwaos simbol ganda ingkang arum, wonten mriki gesang menika ngendikanipun nyebar ganda arum. Kewajiban gesang menika bisa nyebar ganda arum tumindak becik karo sapa wae.”CLW01 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04 “mawar niku ateges binawar utawi penawar, umpaminipun wonten bebaya bisa dadi tolak bala, kembang melati niku dadi lathi ingkang ateges mralambangaken kabeh sing diomongke kuwi kudu dijaga, ora kena ngapusi. Kanthil niku saking tembung kumanthil-manthil ateges ngraketaken pasederekan banjur bisa pada rukun. ”CLW04 Pratelan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Pringgawidagda 2003 : 9, Sekar setaman menika tegesipun sedaya sekar ingkang wonten ing patamanan, namung tamtunipun boten badhe mendhet sedaya sekar ingkang wonten ing patamanan. Ingkang kalebet sekar setaman inggih menika sekar mawar abrit, sekar mawar pethak, mlathi, kenanga lan kanthil. Dipuntingali saking tembungipun sekar mawar menika ateges binawar utawi penawar. Sekar mlathi menika saking tembung lathi ingkang ateges sedaya ingkang dipunadharaken kedah dipunjagi. Sekar kanthil menika saking tembung kumanthil-manthil ateges ngraketaken pasederekan supados sedaya saged rukun. Lajeng kenanga, kanthil, melati, menika ugi saged dipunjarwa dhosokaken “kena menga, kumanthil ning ngati”. Menika arahipun dhateng pangandikannipun ingkang ngatos-atos, dados menawi ngendika menika kedah ingkang sae. Sekar menika saged dipunwaos simbol ganda ingkang arum, wonten mriki gesang menika nyebar ganda arum. Kewajiban gesang menika supados nyebar ganda arum kaliyan sinten kemawon. Ingkang 128 dipunkajengaken nyebar ganda arum menika kanthi tumindak saha pangandikanipun ingkang sae kaliyan sinten kemawon. Foto sekar setaman kapacak wonten ing kaca 73.

2. Sajen Kirab Brata a. Uwos Kuning

Sajen Kirab Brata menika migunakaken cepuk ingkang dipunisi uwos kuning, janur saha dhangsul cemeng. Cepuk menika badhe dipunpecah wonten ing papan tartamtu nalika nglampahi Kirab Brata mubeng kaliurang. Anggenipun negesi sedaya ubarampe kala wau dados setunggal sinebat uwos kuning. Andharan menika jubuh kaliyan pratelanipun informan 01 “wos kuning menika menawi dipunpendhet saking tembungipun rak wos menika rak nggih wigatos. Wosipun kuning menika wonten mriki, kirab menika winengku ing kaweningan. Dados menika, wosku menika batinku, nurku, menika inggih ning, kirab menika dhateng kaweningan. ”CLW01 Andharan wonten nginggil menika dipunsengkuyung dening prathelanipun informan 02 “wonten ing njerone cepuk niku wonten janur kuning, beras, karo dhele ireng. janur kuning menika ateges nur utawa cahya, dhele ireng nglambangaken bebaya, janur niku nggih karepe ateges tolak bala saking wontene sedaya bebaya ingkang badhe dhateng.. ”CLW02 Adhedhasar andharan wonten ing nginggil saged dipunpundhut dudutan bilih uwos kuning menika menawi dipunpendhet saking tembungipun wos menika wigatos. Dipuntingali saking werninipun kuning menika ateges ning. Dados uwos kuning menika wonten mriki, kirab menika winengku ing