Arta Wajib Sajen Ringgit Purwa a. Ingkung

143 “Kinang niku wujudipun anggenipun kita ngaosi tradhisi para leluwur kita supados dipunkabulaken para leluwur disuwun berkahe. Dadi kinang ayu kuwi lambang sesembahan kanggo leluwur kita.” CLW 01 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 02. “kinang niku minangka sesembahan dhateng leluhur kita ingkang rumiyinipun remen ngganten minangka sesembahan kangge para leluwur.” CLW 02 Pratelan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Pringgawidagda 2003 : 4, Kinang menika wujudipun sedhah, gambir, injet lan sata. Kinang menika minangka pralambang sesembahan kita dhateng para leluwur supados pikantuk berkah pangestunipun. Awit para leluwur kita rumiyin remen ngganten utawi nginang, pramila kinang menika minangka sesembahanipun. Kinang menika kanthi pangajab supados pagelaran Ringgit Purwa saged lumampah kanthi lancar. Foto kinang kapacak wonten ing kaca 86.

g. Sekar Setaman

Sekar Setaman inggih menika salah satunggaling sajen ingkang dipunginakaken wonten ing pagelaran Ringgit Purwa. Sekar setaman menika awujud sekar mawar, melathi, kanthil lan kenanga. Nama sekar-sekar menika ngemu teges bilih binawar mawar, saking kedaling lathi mlathi, bisa kumanthil-kanthil kanthil ing wardaya, kumenang-kenang kenanga ing ati. Miturut informan 01 saha 04 ingkang kalebet sekar setaman inggih menika sekar mawar abrit, sekar mawar pethak, mlati, kanthil lan kenanga. Andharanipuninforman 01 kadosingngandhapmenika “nggih menika menawi simbol menika saged dipunwaos werni werni. Nanging secara umum menika, mawar abrit menika minangka bibit gesang saking ibu, lajeng pethak menika bibit gesang saking kakung. Lajeng menawi simbol saking negari menika merah putih. Dados simbol menika luwes anggenipun maos. Lajeng wonten kenanga, 144 kanthil, melati, menika saged dipunjarwa dhosokaken “kena menga, kumanthil ning ngati”. Menika arahipun dhateng pangandikane ingkang ngatos-atos, dados menawi ngendika menika kedah ingkang sae. Lajeng sekar menika saged dipunwaos simbol ganda ingkang arum, wonten mriki gesang menika ngendikanipun nyebar ganda arum. Kewajiban gesang menika bisa nyebar ganda arum tumindak becik karo sapa wae.”CLW01 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04 “mawar niku ateges binawar utawi penawar, umpaminipun wonten bebaya bisa dadi tolak bala, kembang melati niku dadi lathi ingkang ateges mralambangaken kabeh sing diomongke kuwi kudu dijaga, ora kena ngapusi. Kanthil niku saking tembung kumanthil-manthil ateges ngraketaken pasederekan banjur bisa pada rukun. ”CLW04 Pratelan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Pringgawidagda 2003 : 9, Sekar setaman menika tegesipun sedaya sekar ingkang wonten ing patamanan, namung tamtunipun boten badhe mendhet sedaya sekar ingkang wonten ing patamanan. Ingkang kalebet sekar setaman inggih menika sekar mawar abrit, sekar mawar pethak, mlathi, kenanga lan kanthil. Dipuntingali saking tembungipun sekar mawar menika ateges binawar utawi penawar. Sekar mlathi menika saking tembung lathi ingkang ateges sedaya ingkang dipunadharaken kedah dipunjagi. Sekar kanthil menika saking tembung kumanthil-manthil ateges ngraketaken pasederekan supados sedaya saged rukun. Lajeng kenanga, kanthil, melati, menika ugi saged dipunjarwa dhosokaken “kena menga, kumanthil ning ngati”. Menika arahipun dhateng pangandikannipun ingkang ngatos-atos, dados menawi ngendika menika kedah ingkang sae. Sekar menika saged dipunwaos simbol ganda ingkang arum, wonten mriki gesang menika nyebar ganda arum. Kewajiban gesang menika supados nyebar ganda arum kaliyan sinten kemawon. Ingkang