Pagelaran Ringgit Purwa Lampahing Upacara Kirab Brata Metri Bumi

115 supados nulungi Werkudara. Sasampunipun dipuntulungi kaliyan janaka, lajeng saged uwal saengga para raseksa ingkang mapan wonten ing wana menika lajeng takluk kaliyan Pandhawa. Lajeng alas Mrentani menika gantos wujud dados Kraton Ngamarta. Lajeng Pandhawa madeg wonten negara Ngamarta menika. Dipuntingali saking lampahipun Ringgit Purwa taun menika kanthi lampah Pandhawa Winisudha ingkang nggadhai ancas ngupayakaken tlatah Kaliurang. Ugi saged dipuntingali lampahing Ringgit Purwa setunggal taun kepengker kanthi lampah Sri Mulih. Lampahing pagelaran Ringgit Purwa menika mundhut lakon ingkang trep minangka ngupayakaken tlatah Kaliurang tentrem saha regeng pariwisatanipun kados saderengipun kurdaning Redi Merapi rikala taun 1994.

D. Makna Simbolik Sajen

Makna-makna wonten ing salebeting sajen ingkang dipunangge wonten ing upacara Kirab Brata Metri Bumi tamtu mujudaken pralambang- pralambang. Simbol-simbol menika nggadhahi ancas tartamtu wonten ing salebeting sajen ingkang dipunginakaken. Prosesi ing upacara Kirab Brata Metri Bumi ingkang ngginakaken sajen wonten sekawan prosesi. Sekawan prosesinipun inggih menika Kendhuri Wilujengan, Kirab Brata, Kendhuri Baritan kaliyan pagelaran Ringgit Purwa. Wonten ing upacara Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang menika sajenipun arupi tetedhan saha sajen sanesipun tetedhan. Makna simbolik sajen ingkang dipunginakaken ing upacara tradhisi Kirab Brata Metri Bumi dipunandharaken kados ing ngandhap menika. 116

1. Sajen Kendhuri Wilujengan a.

Sekul Tumpeng kaliyan lawuhipun Sekul Tumpeng inggih menika sekul pethak ingkang dipuncithak dados tumpeng utawi kados gunungan inggih kaaturaken dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Manapa ingkang dados panyuwunanipun warga kaliurang mliginipun paguyuban pangesthi Jawi ingkang sambetipun kaliyan Kirab Brata saged lumampah kanthi lancar. Sekul tumpeng mralambangaken nyuwun kawilujengan para warga masyarakat ingkang ngawontenaken upacara Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang. Lawuhipun sekul tumpeng inggih menika ingkung saha lalapan krecek. Ingkung saha lalapan krecek menika dados lawuhipun nalika nedha sekul tumpeng. Andharan menika kados pratelanipun informan 01 “inggih tumpeng nika wujude kados gunungan, marep munggah ta nggih, lha niku karepe ditujokake marang Gusti. Dipuntujoaken dhumateng Gusti supaya panyuwunane bisa kaleksanan, bisa dikabulake. Niku sekul tumpeng kaliyan lawuhe, lawuhe niku ingkung, karo lalapan krecek. Lawuhe niku uwis dadi jodhone.”CLW01 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04 “tumpeng menika panjeripun lempeng tumuju ing Gusti Allah. Karepe kuwi tumuju ing Gusti Allah. Jodhonipun tumpeng menika kaliyan lawuhipun, lawuhe niku antarane ingkung kaliyan lalapan krecek.”CLW04 Sekul tumpeng menika ateges sekul ingkang dipunwangun dados kukusan. Kukusan wujudipun kados gunungan ingkang tumuju wonten ing 117 nginggil. Ingkang dipunkajengaken tumuju wonten ing nginggil inggih menika dipuntujoaken dhateng Gusti Ingkang Maha Agung. Andharan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Wahyana 2010:18, Sekul Tumpeng mralambangaken gegayuhan ingkang inggil kados gunungan ingkang ageng saha pucukipun ingkang pinuju wonten ing nginggil. Sekul Tumpeng menika mralambangaken panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung supados anggenipun ngawontenaken wilujengan lumampah kanthi lancar. Wujudipun Sekul Tumpeng kaliyan lawuhipun kados gambar ing ngandhap menika. 1 2 3 Gambar. 60. Sekul Tumpeng kaliyan lawuhipun.doc.dhyan Katrangan: 1. Sekul Tumpeng 2. Ingkung 3. Lalapan Krecek

1. Ingkung

Ingkung inggih miturut Poerwadarminta ing salebeting Baoesastra Djawa 1939 : 172, ingkung ateges “pitik diolah woetoehan ditaleni goeloe