Sistem Realigi Para Paraga Upacara Kirab Brata Metri Bumi

34

3. Titilaksananing Upacara Kirab Brata Metri Bumi

Prosesi upacara Kirab Brata Metri Bumi menika kaperang dados kalih tahap, inggih menika cecawis upacara saha lampahing upacara Kirab Brata Metri Bumi. Cecawis upacara ingkang arupi kempalan kapurnaman, cecawis sajen upacara saha mundhut toya pitung sumber. Lampahing upacara Kirab Brata Metri Bumi inggih menika Kendhuri Wilujengan, Kirab Brata, Kendhuri Baritan saha Pagelaran Ringgit Purwa. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 “ urutan acaranipun menika kawiwitan dinten senin mundhut toya jamas pitung sumber karo kendhuri wilujengan. dina rebo seka isuk nyepake sajen sekar lan sapanunggalane kang arep digunakake Kirab Brata. Papane mundhut toya jamas menika wonten 7 papan, Tlaga putri, Tlaga Muncar, Sumber Sari, Siraman Lanang, Siraman Wadon saha Umbul temanten yaiku umbul lanang lan umbul wadon. pas malem 1 sura kuwi acarane ora mung kirab mubeng kalirang. Kajaba Kirab Brata uga ana acara pendukung antarane kendhuri baritan karo wayangan sewengi nutuk.”CLWO1 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan “ acaranipun menika saderengipun upacara kirab wonten kempalan, mundhut toya pitung sumber kaliyan cecawis sajen ingkang dipunangge wonten upacara. Lajeng acaranipun malem 1 sura menika wonten kendhuri wilujengan, lajeng kirab mlampah mubeng Kaliurang, kenduri baritan lajeng wayangan. ”CLW05 Prosesi upacara Kirab Brata Metri Bumi kaperang dados kalih tahap inggih menika cecawis upacara saha lampahing upacara Kirab Brata Metri Bumi. Cecawis upacara ingkang arupi kempalan kapurnaman, mundhut toya pitung sumber saha cecawis sajen. Cecawis upacara ingkang arupi kempalan kapurnaman dinten kamis wage, surya kaping 1 November 2012 ngrembag ngengrengan upacara Kirab Brata Metri Bumi. Mundhut toya pitung sumber wonten ing Tlaga Putri, Tlaga Muncar, Sumber Sari, Siraman Lanang, Siraman Wadon saha Umbul 35 Temanten. Sedaya toya saking sumber menika badhe dipunginakaken jamas saderengipun kirab. Cecawis sajen upacara dipuncawisaken wonten ing Pendhapa Pangesthi Jawi. Lampahing upacara Kirab Brata Metri Bumi inggih menika Kendhuri Wilujengan, Kirab Brata, Kendhuri Baritan saha Pagelaran Ringgit Purwa. Kendhuri Wilujengan menika minangka nyuwun kawilujengan wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung supados sedaya rerangken upacara Kirab Brata Metri Bumi lumampah kanthi lancar. Kirab Brata menika laku prihatosipun paguyuban pangesthi jawi minangka paraga upacara Kirab Brata. Kendhuri Baritan menika wujud raos syukur kanthi sedhekah asiling bumi Kaliurang. Sedhekahipun arupi krowodan ingkang badhe dipunrebataken sasampunipun Kirab Brata purna. Pagelaran Ringgit Purwa dening Ki Bayu Sugati kanthi lampahan Pandhawa Winisudha kawiwitan sasampunipun Kendhuri Baritan.

B. Asal-usul Upacara Tradhisi Kirab Brata Metri Bumi

Rikala kurdaning Redi Merapi taun 1994 ndadosaken tlatah Kaliurang nandhang sungkawa. Kathah tiyang ingkang tilar, perekonomian Kaliurang nandhang paceklik saha kawonten papan wisata kaliurang risak. Adhedhasar kawontenan menika warga wonten ing dusun Kaliurang mliginipun para anggota paguyuban pangesthi Jawi ngawontenaken Kirab Brata Metri Bumi. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 03. “saking awale niku, saking netonan, punlajengaken metri bumi. Kanthi netonan menika kita ngemut-emut rumiyin taun 1994 rikala merapi njebluk menika kaprihatosan kathah pramila, kagem nentremaken warga, 36 mila kita ngawontenaken ritual panyuwunan dhateng Gusthi Allah kanthi lantaran kaprihatosan, wonten ing mriki pangesthi Jawi mencoba menelusuri saking netonan menika berkembang dados metri bumi. Nah, saking pangesthi Jawi menika minangka bibit kawitipun Kirab Brata metri bumi.”CLW03 Andharan menika dipunsengkuyung pratelanipun informan 01 “Rikala semanten diwiwiti taun 1994 erupsi merapi ngungsi wonten ngandhap ngantos sewulan. Gandheng pangupajiwanipun saking penginapan, dodolan saha wonten ing papan Kaliurang saengga perekonomian Kaliurang dados morat-marit. Lajeng wontenipun pepati ingkang beruntun, lajeng Kaliurang menika dipunwonteni metri bumi kanthi Kirab Brata. Wontenipun pangesthi Jawi menika ingkang miwiti Kirab Brata menika.CLW01 Adhedhasar pratelanipun informan 03 saha 01 inggih menika kaprihatos warga Kaliurang rikala kurdaning redi merapi taun 1994 ingkang ndadosaken wilayah Kaliurang nandhang sungkawa. Adhedhasar kawontenan menika Paguyuban Pangesthi Jawinggadhahi pamanggih ngawontenaken Kirab Brata Metri Bumi. Kirab Brata menika ngubengi Dusun Kaliurang, anggenipun laku kirab kanthi mendel. Kirab menika nuduhaken laku prihatosipun masyarakat Kaliurang supados tlatah Kaliurang tansah pikantuk kawilujengan saha katentreman. Laku prihatos menika salah satunggaling upiya warga kaliurang ndadosaken tlatah Kaliurang tentrem, regeng papan wisatanipun kados dene saderengipun kurdaning Redi Merapi. Upacara Kirab Brata Metri Bumi saben malem 1 sura menika sampun dados tradisinipun para warga Kaliurang. Sedaya warga masyarakat Kaliurang nglestantunaken saha ngrembakakaken tradisi menika dumugi samenika. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 04.