Observasi berperanserta Caranipun Ngempalaken Data

24

E. Pirantining Panaliten

Pirantining Panaliten wonten ing panaliten menika inggih human instrumen utawi panaliti piyambak. Guba Lincoln lumantar Moleong, 2007:168-172, ngandharaken : ciri-ciri umum dari manusia sebagai instrumen yaitu : 1. responsif, 2. dapat menyesuaikan diri 3. menekankan pada keutuhan 4. mendasarkan diri atas peluang pengetahuan 5. memproses data secepatnya 6.memanfaatkan kesempatan untuk mengklarifikasi dan mengikhtisarkan. Titikan ingkang dipunkajengaken saking andharanipun Guba Lincoln lumantar Moleong inggih menika panaliti ngawontenaken observasi wonten ing papan panaliten saha wawancara dhateng para informan. Panaliti nglampahi, ngempalaken data, ngandharaken, saha nglaporaken asiling panaliten. Panaliti minangka human instrument pramila panaliti ngginakaken piranti kangge nyengkuyung anggenipun panaliten. Pirantinipun arupi : 1. buku kangge nyatet saha nyerat pengamatan padintenan inggih menapa kemawon ingkang gayut kaliyan panaliten, 2. kamera, kangge mundhut gambar saking sedaya rantamaning tradhisi Kirab Brata Metri Bumi, 3. piranti kangge ngrekam swanten wawancara kaliyan para narasumber supados menapa ingkang dipun andharaken narasumber gampil anggenipun alihtulisaken, 25 4. handycam kangge ngrekam sedaya rantamaning Tradhisi Kirab Brata Metri Bumi.

F. Caranipun Nganalisis Data

Teknik analisis ingkang dipunginakaken inggih menika teknik analisis data induktif. Analisis data induktif bertujuan untuk memperjelas informasi yang masuk, melalui proses unitisasi dan kategorisasi.Endraswara, 2006:215 Ingkang dipunkajengaken saking andharanipun Endraswara inggih menika teknik analisis data menika nggadhahi ancas supados informasi ingkang mlebet langkung cetha, kanthi proses unitisasi saha dipunlajengaken kategorisasi. Sasampunipun ngempalaken data ingkang nyengkuyung panaliten dipunlajengaken analisis data. Analisis data menika kangge ngandharaken saking tradhisi Kirab Brata Metri Bumi, inggih asal-usulipun, prosesi, makna simbolik sajen saha paedahipun tradhisi Kirab Brata Metri Bumi wonten ing Dusun Kaliurang, Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman. Proses analisis menika badhe mbabar titilaksananipun tradhisi Kirab Brata Metri Bumi antawisipun saking observasi langsung wonten ing papan panaliten, wawancara mendalam, saking foto, rekaman saha sanesipun. Sasampunipun data- data kala wau dipunsinau saha dipunresepi lajeng dipundamel Abstraksi. Absatraksi inggih menika saking data-data kala wau dipundamel rangkuman inti, salajengipun dipunkelompokaken utawi dipunkategori miturut kelompokipun