Kinang Pisang Sanggan, Tukon Pasar, empluk lan kendhi

88 Wujudipun Pisang sanggan, tukon pasar, empluk lan kendhi kados gambar ing ngandhap menika Gambar 41.Pisang sanggan, tukon pasar, empluk lan kendhi.doc.dhyan Katrangan : 1. tukon pasar 2. pisang raja 3. empluk 4. kendhi Pisang sanggan menika kapilih jinising pisang raja ingkang ageng-ageng, alus lan sampun mateng, awit pisang raja menika raosipun eca saha arum gandanipun. Tukon pasar ingkang dipunginakaken inggih menika wonten taro, slondhok saha tape. Sedaya tetedhan menika dipuntumbas wonten ing peken. Empluk saha kendhi menika piranti mangsak jaman rumiyin ingkang kadamel alit-alit. Empluk saha kendhi ugi dipundadosaken setunggal wadhah kaliyan pisang sanggan lan tukon pasar. 1 2 3 4 89

2. Lampahing Upacara Kirab Brata Metri Bumi

Lampahing upacara Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang dipunwiwiti Kendhuri Wilujengan utawi slametan sedinten saderengipun ngayahi Kirab Brata. Upacara gongipun inggih menika Kirab Brata, sasampunipun Kirab purna kalajengaken Kendhuri Baritan. Acara pendukungipun inggih menika pagelaran ringgit purwa.

a. Kendhuri Wilujengan

Kendhuri Wilujengan menika ugi saged dipunwastani slametan saderengipun ngayahi upacara kirab mubeng Kaliurang. Ingkang rawuh wonten ing kendhuri wilujengan inggih para warga Kaliurang. Anggenipun Kendhuri Wilujengan dipunwiwiti tabuh 05.00 sonten wonten ing Pendhapa Pangesthi Jawi. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 02. “saderenge kirab niku kenduren slametan riyin, sedina saderenge kirab biasane sonten. Nggih nyuwun slamet, supaya pangesthi Jawi anggone ngayahi kirab bisa kaleksanan kanthi lancer.”CLW02 Kendhuri Wilujengan wonten ing Pendhapa Pangesthi Jawi Gambar 28. Warga Kaliurang nindhakaken Kendhuri Wilujengan.doc.dhyan 90 Pak Mesran miwiti Kendhuri kanthi masrahaken kendhuri wilujengan dhateng Bapak Rois. Pak Mesran ngandharaken kados ing ngandhap menika. “Asallamualaikum wr. wb.Minangka hajatipun masyarakat Kaliurang tumapak warsa enggal 1435 H. Ugi kagem Metri Bumi Kaliuran. Ugi kagem kawilujengan Metri Bumi, Kirab Brata menggah wontenipun acara wacucal saha sanesipun, ingkang tujuanipun sedaya trah ingkang ngayahi kewajiban ayahan warsa enggal menika, Kaliurang sakiwatengenipun tansah manggih rahayu wilujeng. Menggahipun acara kita sukakaken wonten Bapak Rois.”CLW01 Bapak Rois miwiti acara kanthi pambuka saha dipunlajengaken donga, ikraripun kados ing ngandhap menika. “Inggih, keparenga kula matur dhumateng para bapak-bapak saha ibu- ibu ingkang sampun pinarak lenggah wonten papan mriki ngrawuhi anggenipun paguyuban pangesthi Jawi kagungan hajat wonten ing sonten menika. Menika anggenipun damel reraketan kulawarga Pangesthi Jawi khususipun saha masyarakat Kaliurang umumipun. Sepindah, supados tumapaking acara saged kalegsanan kanthi sae, matur nuwun wonten ngarsa dalem Allah paring kawilujengan dening warga masyarakat Kaliurang saha sakiwatengenipun slamet mboten wonten rubeda menapa. Salajengipun Paguyuban Pangesthi Jawi ngaturaken syukur dhateng rahmadipun Allah, saperlu nyuwun pangapunten samangkeh badhe ngayahi Kirab Brata ingkang bebanipun kangge mapag warsa enggal 1435 H, kaping kalihipun nyuwun wonten ngarsanipun Allah supados anggenipun ngayahi Kirab Brata mboten wonten alangan saha rubeda satunggal menapa. salajengipun kulawarga pangesthi Jawi ngawontenaken Kirab Brata mugi mugi warga masyarakat Kaliurang ing samangke pikanthuk raharjaning saking Maha Kuaos saha ngaturaken raos syukur, dene taun menika kulawarga Kaliurang ugi Pangesthi Jawi nampi warsa enggal 1435 H, mugi-mugi kendhuri wilujengan saged nemahi tata, titi, tentrem, mboten wonten alangan satunggal menapa. Ugi mboten kesupen nyuwun pangapunten bilih anggenipun nyawisaken kendhuri wilujengan saha anggenipun badhe ngayahi kirab samangke saged nemahi Rahayu Wilujeng mboten wonten alangan satunggal menapa. Mboten kesupen nyuwun pangapunten dhateng para sepuh 91 ingkang sumare, leluwur jaler saha estri, sepuh saha enem, ageng, alit, supados tansah manggihi wilujeng warga masyarakat Kaliurang anggenipun nyambut damel.Wasalamualaikum wr. wb.”CLW10 Wonten ing ngandhap menika foto para warga Kaliurang ndedonga dipunpandhegani dening Bapak Rois. Gambar 29. Sedaya ingkang rawuh kendhuri wilujengan sami ndedonga.doc.dhyan Donga purna lajeng sajen kendhuri dipundum sesarengan dening warga ingkang rawuh. Sajen sekul golong, sekul ambeng, sekul tumpeng, ingkung, ayam bakar, pecelan, lalapan, sayur kentang kaliyan peyek dipunwadhahi dluwang sekul. Kendhuri Wilujengan sampun purna, sedaya ingkang rawuh kendhuri mbeta wangsul jatahipun piyambak-piyambak. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 04 “bardidongani pak rois banjur kabeh didum adil. sekul golong, sekul ambeng, sekul tumpeng, ingkung, ayam bakar, pecelan, lalapan, sayur kentang kaliyan peyek kabeh didum. ”CLW04