Titilaksananing Upacara Kirab Brata Metri Bumi
36
mila kita ngawontenaken ritual panyuwunan dhateng Gusthi Allah kanthi lantaran kaprihatosan, wonten ing mriki pangesthi Jawi mencoba
menelusuri saking netonan menika berkembang dados metri bumi. Nah, saking pangesthi Jawi menika minangka bibit kawitipun Kirab Brata metri
bumi.”CLW03
Andharan menika dipunsengkuyung pratelanipun informan 01
“Rikala semanten diwiwiti taun 1994 erupsi merapi ngungsi wonten ngandhap ngantos sewulan. Gandheng pangupajiwanipun saking
penginapan, dodolan saha wonten ing papan Kaliurang saengga perekonomian Kaliurang dados morat-marit. Lajeng wontenipun pepati
ingkang beruntun, lajeng Kaliurang menika dipunwonteni metri bumi kanthi Kirab Brata. Wontenipun pangesthi Jawi menika ingkang miwiti
Kirab Brata menika.CLW01 Adhedhasar pratelanipun informan 03 saha 01 inggih menika kaprihatos
warga Kaliurang rikala kurdaning redi merapi taun 1994 ingkang ndadosaken wilayah Kaliurang nandhang sungkawa. Adhedhasar kawontenan menika
Paguyuban Pangesthi Jawinggadhahi pamanggih ngawontenaken Kirab Brata Metri Bumi. Kirab Brata menika ngubengi Dusun Kaliurang, anggenipun laku
kirab kanthi mendel. Kirab menika nuduhaken laku prihatosipun masyarakat Kaliurang supados tlatah Kaliurang tansah pikantuk kawilujengan saha
katentreman. Laku prihatos menika salah satunggaling upiya warga kaliurang ndadosaken tlatah Kaliurang tentrem, regeng papan wisatanipun kados dene
saderengipun kurdaning Redi Merapi. Upacara Kirab Brata Metri Bumi saben malem 1 sura menika sampun
dados tradisinipun para warga Kaliurang. Sedaya warga masyarakat Kaliurang nglestantunaken saha ngrembakakaken tradisi menika dumugi samenika.
Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 04.
37
“senajan tlatah Kaliurang wis tentrem, aman lan perekonomiane uga wis becik nanging, Kirab Brata kuwi tetep dianakake nganti saiki yaiku saben
malem 1 sura.”CLW04
Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01.
“
Lajeng rikala semanten menika pangesthi jawi menika ngawontenaken Kirab Brata menika kados dene saged dipunraosaken hasilipun, menika
kahanane banjur tentrem. Lajeng saiki Kirab Brata kuwi dilestareke sanajan Kaliurang kuwi wis aman, wis tentrem, wis apik nanging upacara
Kirab Brata Metri Bumi iki yo dipunterusaken saben malam 1 suro. Namung rikala semanten menika sepisanan miwiti menika boten malem 1
suro, namung wulanipun menika boten suro, namung pas kaliyan kahanan ingkang mrihatosaken menika. Bareng menika nggih masarakat menika
sami remen, lajeng njalari tentrem, kawontenanipun sae. Lajeng rikala semanten Kirab Brata metri menika saiki diteruske pendak malem 1 suro,
lajeng lestantun dumugi sakmriki. Malah dipun sengkuyung dipundukung
saking masarakat
.”
CLW01 Kawontenan
Kaliurang ingkang nandhang paceklik ndadosaken
kaprihatosan para warga Kaliurang saha sakiwatengenipun. Saking kawontenan menika, sesepuhipun Paguyuban Pangesthi Jawi ngawontenaken tirakat mlampah
ngubengi dusun Kaliurang kanthi Kirab Brata. Kanthi upacara Kirab Brata Metri Bumi menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung
supados tlatah Kaliurang saha sakiwatengenipun tansah pinaringan katentreman, kawilujengan saha kamakmuran. Sinaosa kawontenan tlatah Kaliurang sampun
tentrem, upacara Kirab Brata Metri Bumi taksih dipunlestantunaken dumugi samenika.