Kendhuri Wilujengan Lampahing Upacara Kirab Brata Metri Bumi

91 ingkang sumare, leluwur jaler saha estri, sepuh saha enem, ageng, alit, supados tansah manggihi wilujeng warga masyarakat Kaliurang anggenipun nyambut damel.Wasalamualaikum wr. wb.”CLW10 Wonten ing ngandhap menika foto para warga Kaliurang ndedonga dipunpandhegani dening Bapak Rois. Gambar 29. Sedaya ingkang rawuh kendhuri wilujengan sami ndedonga.doc.dhyan Donga purna lajeng sajen kendhuri dipundum sesarengan dening warga ingkang rawuh. Sajen sekul golong, sekul ambeng, sekul tumpeng, ingkung, ayam bakar, pecelan, lalapan, sayur kentang kaliyan peyek dipunwadhahi dluwang sekul. Kendhuri Wilujengan sampun purna, sedaya ingkang rawuh kendhuri mbeta wangsul jatahipun piyambak-piyambak. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 04 “bardidongani pak rois banjur kabeh didum adil. sekul golong, sekul ambeng, sekul tumpeng, ingkung, ayam bakar, pecelan, lalapan, sayur kentang kaliyan peyek kabeh didum. ”CLW04 92 Sedaya warga Kaliurang ingkang rawuh wonten ing kendhuri wilujengan sami ngedum sajen kendhuri wilujengan. Gambaripun kados foto ing ngandhap menika. Gambar 30.sajen kendhuri dipundumdhateng sedaya ingkang rawuh.doc.dhyan Kendhuri Wilujengan menika dipunlampahi minangka rantamaning upacara Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang. Saderengipun Kirab Brata kalampahan kedah dipunslameti utawi dipunwontenaken kendhuri wilujengan menika. Supados sedaya rantamaning upacara Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang saged kaleksanan kanthi lancar. Ingkang mandhegani acara Kendhuri menika inggih Bapak Rois, panjenenganipun ingkang ngikraraken hajatipun masyarakat Kaliurang mliginipun Paguyuban Pangesthi Jawi ingkang badhe ngayahi Kirab Brata.

b. Kirab Brata Metri Bumi

Kirab Brata Metri Bumi menika dipunwiwiti kanthi jamas para paraga ingkang badhe ngayahi kirab. Jamas wonten ing upacara tradhisi Kirab Brata menika mboten sami kaliyan maknanipun jamas inggih menika kramas, ingkang 93 dipunkajengaken jamas wonten ing upacara tradhisi Kirab Brata inggih menika cakcakanipun namung kangge masuh pasuryan, suku saha asta. Toyanipun saking toya pitung sumber ingkang sampun dipunpundhut para paraga Kirab Brata. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 “saderengipun kirab mubeng niku jamas rumiyin, toyane ngangge re mundhut toya saking pitung sumber kala wingi nika ”CLW01 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04 “jamas rumiyin saderenge kirab, karepe jamas niku nggih mboten karmas, nanging namung masuh tangan, sikil kaliyan raup nika.”CLW04 Wonten ing ngandhap menika foto paraga ingkang nglampahi jamas toya pitung sumber. Gambar.42. Jamas Toya Pitung Sumber.doc.dhyan 94 Bergada Kirab rampung Jamas Toya Pitung Sumber lajeng Pak Marno minangka sesepuhipun Pangesthi Jawi ngikraraken hajatipun masyarakat Kaliurang mliginipun Pangesthi Jawi ingkang badhe ngayahi Kirab Brata. Dipunlajengaken ndedonga sesarengan sedaya paraga Kirab Brata. Ikrar menika kangge mangke anggenipun mapakaken sajen wonten ing papan ingkang sampun dipuntemtokaken supados mboten langkung dangu anggenipun mapakaken sajen. Ikraripun kados ing ngandhap menika. “Bismilahhirahmannirahim. Niat ingsun nyebar ganda arum, jagat paring berkat, bumi paring rejeki, lintang rembulan kang madhangi jagad pulung atiku. Nyuwun kawilujengan kanthi sarana Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang muga-muga kabeh kawulaning kalirang sumrambah tekane wilayah Kaliurang tansah pinaringan kawilujengan saha dipuntebihaken saking rubeda. Amin”CLW04 Ngikraraken hajadipun Pangesthi Jawi sampun rampung lajeng sedaya paraga Kirab Brata pinuju wonten ing papan upacara Kirab Brata Metri Bumi.