139
berkah saha kemakmuran saking ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung. Foto Tumpeng Robyong kapacak wonten ing kaca 83.
c. Tukon Pasar
Tukon Pasar menika kalebet sajen wonten ing salebeting sajen Ringgit Purwa. Tukon pasar inggih menika jajanan ingkang dipuntumbas
wonten ing peken. Ingkang kalebet sajen tukon pasar wonten ing sajen ringgit purwa inggih menika kacang atum, tango kaliyan balumprit. Sawerninipun
tukon pasar menika mujudaken maneka warnining tetedhan ingkang dipunsade ing peken. Dipuntingali saking maneka-warninipun tukon pasar ingkang
dipunsade wonten ing peken mralambangaken kamirahan pangan. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 06
“tukon pasar niku nglambangake kemurahan panggan, panganan sing werna-werna kuwi dadi buktine sugih pangan. Karepe ben
sugih pangan, murah pangane.”CLW06 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 07
“tukon pasare niku antarane kacang atum nika, jajanan ciki-ciki nika nggih pepakan nuduhake murahe pangan. Supados
pinaringan berkah, subur makmur, mirah pangane.”CLW07
Wujudipun tukon pasar kados gambar ing ngandhap menika.
140
Gambar 65. Tukon pasar.doc.dhyan
Pratelan wonten
ing nginggil
dipunsengkuyung dening
Pringgawidagda 2006 : 89, ngandharaken bilih jajan pasar menika awujud jajanan ingkang dipuntumbas wonten ing peken. Jajan pasar menika
mralambangaken kamirahan pangan. Jajan pasar menika mujudaken maneka warnining jajanan ingkang dipunsade ing peken. Tukon pasar menika
nggadhahi makna mugi tansah pinaringan berkah saking ngersaning Gusti Ingkang Maha Agung. Kanthi berkahipun saged cekap sedaya kabetahanipun
warga masarakat kaliurang saha sakiwatengenipun.
d. Pisang Sanggan
Pisang Sanggan wonten ing sajen ringgit purwa menika antwisipun pisang raja setangkep, wenanglawe, kinang, sekarsetaman, artawajib. Ingkang
kinang menika wujudipun sedhah, gambir, injet lan sata. Wondene sekar setaman menika sekar mawar, melathi, kanthil lan kenanga. Andhara nmenika
jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 “pisang sanggan niku wonten pisang setangkep pisange kudhu pisang
raja, kembang setaman, kinang. Pisange niku dadi siji karo tumpeng
141
robyong, kembang setaman, karo kinang diwungkus godhong dhewe- dhewe. Pisang sanggan niku karepe supaya anggone nganakaken
adicara pikantuk kekiyatan saking Gusti supados disangga kang wujude gedhang sanggan.” CLW 01
Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04 “arane pisang sanggan ana pisang, kinang, kembang setaman, pisange
niku dadi siji karo tumpeng robyong, kembang setaman karo kinang diwadhahi godhong. Sajen kuwi tujuane supaya bisa kaleksanan kanthi
lancar.”CLW04
Pratelan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Pringgawidagda 2006 : 43, ngandharaken bilih sanggan awujud setangkep pisang raja, pisang
sanggan menika kapilih jinising pisang raja ingkang ageng-ageng. Pisang sanggan menika mujudaken sajen wonten ing pagelaran ringgit purwa. Pisang
sanggan menika minangka simbul kekiyatan ingkang ateges kekiyatan utawi sanggan anggenipun badhe nindakaken pagelaran ringgit purwa supados tansah
pinaringan kawilujengan saha saged lumampah kanthi lancar. Foto Pisang sanggan kapacak wonten ing kaca 88.
e. Arta Wajib
Arta Wajib menika salah satunggaling sajen wonten ing pagelaran ringgit purwa. Arta wajib menika kangge njangkepi sajen ingkang kirang. Ingkang
dipunkajengaken sajen ingkang kirang inggih menika mbok bilih wonten sajen ingkang mboten pepak, arta wajib menika ndadosaken sajen menika jangkep.
Adhedhasar kanthi iklas pinten kemawon arta wajib ingkang dipunginakaken. Arta wajib menika ugi minangka kancing donga. Ingkang dipunkajengaken
kancing donga inggih menika donga ingkang dipunucapaken wonten ing sedaya