Kinang Sajen Ringgit Purwa a. Ingkung
144
kanthil, melati, menika saged dipunjarwa dhosokaken “kena menga, kumanthil ning ngati”. Menika arahipun dhateng pangandikane
ingkang ngatos-atos, dados menawi ngendika menika kedah ingkang sae. Lajeng sekar menika saged dipunwaos simbol ganda ingkang
arum, wonten mriki gesang menika ngendikanipun nyebar ganda arum. Kewajiban gesang menika bisa nyebar ganda arum tumindak
becik karo sapa wae.”CLW01
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04 “mawar niku ateges binawar utawi penawar, umpaminipun wonten
bebaya bisa dadi tolak bala, kembang melati niku dadi lathi ingkang ateges mralambangaken kabeh sing diomongke kuwi kudu dijaga, ora
kena ngapusi. Kanthil niku saking tembung kumanthil-manthil ateges ngraketaken pasederekan banjur bisa pada rukun. ”CLW04
Pratelan wonten
ing nginggil
dipunsengkuyung dening
Pringgawidagda 2003 : 9, Sekar setaman menika tegesipun sedaya sekar ingkang wonten ing patamanan, namung tamtunipun boten badhe mendhet
sedaya sekar ingkang wonten ing patamanan. Ingkang kalebet sekar setaman inggih menika sekar mawar abrit, sekar mawar pethak, mlathi, kenanga lan
kanthil. Dipuntingali saking tembungipun sekar mawar menika ateges binawar utawi penawar. Sekar mlathi menika saking tembung lathi ingkang ateges
sedaya ingkang dipunadharaken kedah dipunjagi. Sekar kanthil menika saking tembung kumanthil-manthil ateges ngraketaken pasederekan supados sedaya
saged rukun. Lajeng kenanga, kanthil, melati, menika ugi saged dipunjarwa dhosokaken “kena menga, kumanthil ning ngati”. Menika arahipun dhateng
pangandikannipun ingkang ngatos-atos, dados menawi ngendika menika kedah ingkang sae. Sekar menika saged dipunwaos simbol ganda ingkang
arum, wonten mriki gesang menika nyebar ganda arum. Kewajiban gesang menika supados nyebar ganda arum kaliyan sinten kemawon. Ingkang
145
dipunkajengaken nyebar ganda arum menika kanthi tumindak saha pangandikanipun ingkang sae kaliyan sinten kemawon. Foto sekar setaman
kapacak wonten ing kaca 85.