Pisang Sanggan Sajen Ringgit Purwa a. Ingkung

142 rerangken upacara Kirab Brata Metri Bumi saged sampurna mawi arta wajib menika. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01. “arta wajib nggih niku mbok menawa ana sajen sing kurang, para leluwur dipepaki ngangge arta wajib menika. Karepe niku kangge sedhekah. Kancing donga kangge pak rois ingkang ndedonga niku. ”CLW01 Andharan menika dipunsengkuyung dening prathelanipun informan 04 “artane niku nek sajene dereng pepak supaya njangkepi sajen, langkung sampurna donga ingkang dipunucapaken menawi dipunjangkepi kaliyan arta wajib. Artane niku cara dene sedhekah kangge sing ndongani, pak rois nika”CLW04 Pratelan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Mulyani 2010 : 89, ngandharaken bilih arta wajib dipunginakaken kangge jejangkep sajen, pramila menawi ing salebetipun paring sajen menika wonten ingkang kirang, para leluwur ingkang dipuncaosi sajen menika kapurih tumbas piyambak. Arta wajib nggadhahi makna kangge njangkepi sajen, menawi anggenipun nyawisaken sajen wonten ingkang kirang, arta menika saged njangkepi sajen ingkang kirang dados sajen ingkang jangkep. Foto arta wajib kapacak wonten ing kaca 86.

f. Kinang

Kinang menika salah satunggaling sajen ingkang kalebet wonten sajen Ringgit Purwa. Kinang menika wujudipun sedhah, gambir, injet lan sata. Kinang menika mujudaken simbul sesembahan kita dhateng para leluwur, supados pinaringan berkah pangestunipun para leluwur. Sajen kinang menika kanthi pangajab supados upacara Kirab Brata saged lumampah kanthi lancar. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01. 143 “Kinang niku wujudipun anggenipun kita ngaosi tradhisi para leluwur kita supados dipunkabulaken para leluwur disuwun berkahe. Dadi kinang ayu kuwi lambang sesembahan kanggo leluwur kita.” CLW 01 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 02. “kinang niku minangka sesembahan dhateng leluhur kita ingkang rumiyinipun remen ngganten minangka sesembahan kangge para leluwur.” CLW 02 Pratelan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Pringgawidagda 2003 : 4, Kinang menika wujudipun sedhah, gambir, injet lan sata. Kinang menika minangka pralambang sesembahan kita dhateng para leluwur supados pikantuk berkah pangestunipun. Awit para leluwur kita rumiyin remen ngganten utawi nginang, pramila kinang menika minangka sesembahanipun. Kinang menika kanthi pangajab supados pagelaran Ringgit Purwa saged lumampah kanthi lancar. Foto kinang kapacak wonten ing kaca 86.

g. Sekar Setaman

Sekar Setaman inggih menika salah satunggaling sajen ingkang dipunginakaken wonten ing pagelaran Ringgit Purwa. Sekar setaman menika awujud sekar mawar, melathi, kanthil lan kenanga. Nama sekar-sekar menika ngemu teges bilih binawar mawar, saking kedaling lathi mlathi, bisa kumanthil-kanthil kanthil ing wardaya, kumenang-kenang kenanga ing ati. Miturut informan 01 saha 04 ingkang kalebet sekar setaman inggih menika sekar mawar abrit, sekar mawar pethak, mlati, kanthil lan kenanga. Andharanipuninforman 01 kadosingngandhapmenika “nggih menika menawi simbol menika saged dipunwaos werni werni. Nanging secara umum menika, mawar abrit menika minangka bibit gesang saking ibu, lajeng pethak menika bibit gesang saking kakung. Lajeng menawi simbol saking negari menika merah putih. Dados simbol menika luwes anggenipun maos. Lajeng wonten kenanga,