Sekul Ambeng Ayam Panggang

69

1. Tempe Garit

Tempe garit menika kangge jodhonipun sekul ambeng. Tempe garit menika dipungoreng. Bumbunipun bawang saha sarem dipunuleg ngantos alus. Tempe dipunuleni bumbu lajeng dipungoreng. Tempe garit menika jodhonipun sekul ambeng. Tempe menika dipunparingaken wonten ing nginggilipun sekul ambeng. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 07 “tempe garit nggih digoreng biyasa nika, dibumboni bawang uyah. Pun mateng tempene niku diwadhahi terus diselehake nduwure sega ambeng mau.”CLW07 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 06 “tempe dipungoreng, dibumboni bawang uyah nika, mangkeh niku lawuhe sekul ambeng”CLW06 Wujudipun kados foto ing ngandhap menika. Gambar 14.Tempe garit kaliyan Sekul Ambeng.doc.dhyan 70 Adhedhasar andharan wonten ing nginggil, tempe garit menika dados lawuhipun sekul ambeng. Bahanipun inggih menika tempe, bawang saha sarem. Lajeng tempe dipuncampur kaliyan bumbunipun. Sasampunipun bumbunipun ngrasug lajeng tempe dipungoreng.

2. Jangan Kenthang

Anggenipun damel sayur kenthang bumbunipun bawang, brambang, laos, lombok, ron jeruk, jahe, kunir saha sarem. Bahanipun kenthang kaliyan krecek. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 06 “jangan kenthang niku bumbune bawang, brambang, laos, lombok, ron jeruk, jahe, kunir saha sarem. Kentang diiris cilik cilik, bumbu mau diuleg alus, nek pun pepak kabeh bahane, bumbu digangsa nganti mateng, nek pun mateng terus kenthang dilebokake, nek pun setengah mateng nika santen terus dilebokake. Banjur krecek keri dhewe.”CLW06 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 07 “jangan kenthang bumbune niku kados biyasane nika, bawang brambang, lombok abang, kunir, laos, jahe sekedhik, salam, sarem, gendhis Jawi nggih bumbu pawon pepakan. Bumbune dipungangsa lajeng lajeng bahane dipunlebetaken. Lajeng santen. Keri dhewe krecek.”CLW07 Sayur kenthang wujudipun kados foto ing ngandhap menika. 71 Gambar 03. Sayur Kenthang.doc.dhyan Adhedhasar andharan wonten ing nginggil caranipun damel sayur kenthang inggih menika bumbu dipunuleg ngantos alus. Kenthang dipuniris dados alit-alit. Bumbu saha bahan cumawis lajeng bumbu dipungangsa ngantos ambetipun arum, enggal-enggal kenthang dipunlebetaken. Kenthang setengah mateng lajeng santen dipunlebetaken. Sasampunipun santen umub krecek dipunlebetaken sinambi dipunudhak.

d. Jenang

Bahanipun jenang saking glepung, santen, toya kaliyan sarem. Sedaya bahan dipunuleni lajeng dipunmasak sinambi dipunudhak. Jenang dipundadosaken werni gangsal inggih menika jenang abang, jenang putih, jenang pliringan, jenang blowok, saha jenang baro-baro. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 07 “jenang putih niku bahane glepung, santen, banyu karo uyah sethithik kuwi mau dijladreni, banjur dimangsak sinambi diudak-udak ndak njendhel nek ra diudhak-udhak. Wis kuwi, ora ditambahi apa apa nehnek jenang abang niku nggih jenang putih wau kantun ditambahi gendhis Jawi