Sekar Sawur Sajen Kirab Brata

79 dipunwadhahi cekethong alit, amargi sekul kuning menika badhe dipunrebataken sedaya tiyang ingkang nderek upacara Kirab Brata Metri Bumi. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 09 “sajen baritane niku saking kabeh warga Kaliurang dijaluki bantuan nyepakake krowodan kanggo kenduri baritan. Karo sega kuning re gawe ing warunge Bu Dewi papane ing papan wisata Tlaga Putri Kaliurang.”CLW09 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipu informan 06 “saking warga nyepakake krowodan, ya asile bumi Kaliurang nanging sakniki Kaliurang niku ditanduri beton dadi ya krowodane kuwi tuku ing pasar. Sega kuninge gawe 100 kilo sing ajeng didum-dum niku.”CLW06 Sajen Kendhuri Baritan wonten werni kalih, inggih krowodan saha Tumpeng Sekul Kuning. Krowodan menika saking asiling bumi Kaliurang. Saben warga kedah ngempalaken krowodan setunggal tambir. Krowotan menika ingkang dipunrebataken sasampunipun Kirab mubeng Kaliurang purna. Wujud krowodan kados gambar ing ngandhap menika. Gambar 34. Krowodan .doc.dhyan 1 2 3 4 5 6 80 Katrangan : 1. Kimpul 4. Tela Bonggol 2. Jagung 5. Tela Lung 3. Kacang 6. Pisang Kepok Krowodan inggih menika wowohan. Krowodan ingkang dipunkajengaken wonten ing mriki inggih menika sedaya pala kapendhem. Kadosta kimpul, tela bonggol, tela lung, kacang, kimpul, jagung saha pisang. Sedaya krowodan menika dipuncawisaken kangge kendhuri baritan sasampunipun kirab mubeng Kaliurang purna.

b. Sekul Tumpeng Kuning

Sekul Tumpeng Kuning menika kangge simbol raos syukur dhumateng Gusti. Sekul tumpeng kuning menika raosipun gurih, anggenipun damel kanthi cara uwos dipunpususi langkung rumiyin, salajengipun uwos pususan kala wau dipunsukani sarem, ron salam lan santen klapa ingkang sampun dipunsukani parutan kunir lajeng dipundang ngantos mateng. Sasampunipun sekul mateng lajeng dipuncithak tumpeng kados gunungan. Lajeng dipuntata kaliyan lombok abrit, kering kenthang, kacang lanjaran, ayam suwir, abon, tigan godhog, dadar gulung lan kacang goreng wonten ing tampah. Sekul Tumpeng Kuning wujudipun kados gambar wonten ing ngandhap menika