23
Ingkang  kedah  dipungatosaken  inggih  menika  anggenipun  nglampahi  observasi berperanserta  kanthi  runtut  wonten  ing  papan  panaliten  ing    Dusun  Kaliurang
Timur, Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman.
2. Wawancara Mendalam
Miturut  Herdiyansyah  2010:64,  ingkang  dipunwastani  Wawancara inggih  menika  teknik  pangempaling  data  ingkang  dipunginakaken  kangge
ngempalaken katrangan lisan saking pawicantenan kaliyan informan. Wawancara mendalam  menika  penting  minangka  data  kualitatif  saha  anggenipun  nyerat
asilipun  panaliten.  Wawancara  mendalam  kedahipun  kanthi  luwes,  mboten grusah-grusuh saha ngginakaken pituduh menapa ingkang badhe dipunsuwunaken
priksa  kaliyan  narasumber.  Cara  kados  menika  supados  panaliti  saha narasumbersaged wicantenan kanthi prayogi, saengga pikantuk informasi ingkang
lengkap saha langkung cetha. Anggenipun  wawancara  mendalam  kedah  ngginakaken  piranti  kangge
nyengkuyung  panaliten,  kados  ta  piranti  kangge  ngrekam  pawicantenan  ing wawancara  supados  data  saking  wawancara  kasimpen  kanthi  sae,  saha
nggampilaken anggenipun alihtulisaken.
24
E. Pirantining Panaliten
Pirantining  Panaliten  wonten  ing  panaliten  menika  inggih  human instrumen  utawi  panaliti  piyambak.  Guba    Lincoln  lumantar  Moleong,
2007:168-172, ngandharaken : ciri-ciri umum dari manusia sebagai instrumen yaitu :
1. responsif, 2. dapat menyesuaikan diri
3. menekankan pada keutuhan 4. mendasarkan diri atas peluang pengetahuan
5. memproses data secepatnya 6.memanfaatkan kesempatan untuk mengklarifikasi dan mengikhtisarkan.
Titikan  ingkang  dipunkajengaken  saking  andharanipun  Guba    Lincoln lumantar  Moleong  inggih  menika  panaliti  ngawontenaken  observasi  wonten  ing
papan  panaliten  saha  wawancara  dhateng  para  informan.  Panaliti  nglampahi, ngempalaken  data,  ngandharaken,  saha  nglaporaken  asiling  panaliten.  Panaliti
minangka  human  instrument  pramila  panaliti  ngginakaken  piranti  kangge nyengkuyung anggenipun panaliten. Pirantinipun arupi :
1.  buku  kangge  nyatet  saha  nyerat  pengamatan  padintenan  inggih  menapa kemawon ingkang gayut kaliyan panaliten,
2.  kamera,  kangge  mundhut  gambar  saking  sedaya  rantamaning  tradhisi  Kirab Brata Metri Bumi,
3. piranti kangge ngrekam swanten wawancara kaliyan para narasumber supados menapa  ingkang  dipun  andharaken  narasumber  gampil  anggenipun
alihtulisaken,