66
Andharan menika dipunsengkuyung dening andharanipun informan 06 “bahan bahane damel pecelan sedaya dikumbah resik teros diiris cilik-
cilik bahane ya ana buncis, timun, kacang panjang, kubis karo sambel pecel.Sayuran kabeh mau uwis diirisi banjur dicampur karo jur-juran
sambel pecel.”CLW06
Pecelan wujudipun kados foto ing ngandhap menika
Gambar 10.Pecelan.doc.dhyan Pecelan menika dados jodhonipun ayam panggang. Bahanipun inggih
menika sambel pecel, timun, kubis, kacang panjang saha buncis. Sedaya sayur dipunkumbah lajeng dipuniris alit-alit. Sayuran dipuncampur kaliyan sambel
pecel ingkang dipunjur.
2. Ayam Panggang
Ayam panggang menika dados salah satunggaling sajen kangge kendhuri wilujengan. Sajen Ayam panggang menika dipundamel saking ayam babon.
Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 06
67
“ayam panggang niku nggih sami bumbune kaliyan ingkung kala wau, re masak nggi padha, nek mpun maten ayam kala wau banjur dibakar
ngantos garing nika. Ayam panggang sing mateng didekekake nduwure pecelan, amarga kuwi jodhone.”CLW06
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 07 “ayam panggang nggih kados ayam panggang nika, diungkep riyin, lajeng
dibakar. Bumbune nggih sami, wong re ngungkep bareng pitik jagone.”CLW07
Wujud Ayam Panggang kaliyan pecelan kados foto ing ngandhap menika.
Gambar 08. Ayam Panggang.doc.dhyan Adhedhasar andharan wonten ing nginggil caranipun damel ingkung ayam
babon sami kaliyan damel ingkung. Bumbunipun sami, inggih menika bawang, brambang, laos, jahe, salam, sarem saha gendhis Jawi. Sedaya bumbu dipunuleg
ngantos alus. Babon dipunungkep kaliyan bumbunipun. Sasampunipun mateng lajeng ayam babon dipunbakar. Sasampunipun ayam panggang mateng lajeng
dipunparingaken wonten nginggilipun pecelan.
c. Sekul Ambeng
Sekul ambeng menika sekul ingkang dipuncithak ngginakaken wadhah ingkang bundher. Sekul Ambeng menika dipundamel saking sekul ingkang