37
“senajan tlatah Kaliurang wis tentrem, aman lan perekonomiane uga wis becik nanging, Kirab Brata kuwi tetep dianakake nganti saiki yaiku saben
malem 1 sura.”CLW04
Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01.
“
Lajeng rikala semanten menika pangesthi jawi menika ngawontenaken Kirab Brata menika kados dene saged dipunraosaken hasilipun, menika
kahanane banjur tentrem. Lajeng saiki Kirab Brata kuwi dilestareke sanajan Kaliurang kuwi wis aman, wis tentrem, wis apik nanging upacara
Kirab Brata Metri Bumi iki yo dipunterusaken saben malam 1 suro. Namung rikala semanten menika sepisanan miwiti menika boten malem 1
suro, namung wulanipun menika boten suro, namung pas kaliyan kahanan ingkang mrihatosaken menika. Bareng menika nggih masarakat menika
sami remen, lajeng njalari tentrem, kawontenanipun sae. Lajeng rikala semanten Kirab Brata metri menika saiki diteruske pendak malem 1 suro,
lajeng lestantun dumugi sakmriki. Malah dipun sengkuyung dipundukung
saking masarakat
.”
CLW01 Kawontenan
Kaliurang ingkang nandhang paceklik ndadosaken
kaprihatosan para warga Kaliurang saha sakiwatengenipun. Saking kawontenan menika, sesepuhipun Paguyuban Pangesthi Jawi ngawontenaken tirakat mlampah
ngubengi dusun Kaliurang kanthi Kirab Brata. Kanthi upacara Kirab Brata Metri Bumi menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung
supados tlatah Kaliurang saha sakiwatengenipun tansah pinaringan katentreman, kawilujengan saha kamakmuran. Sinaosa kawontenan tlatah Kaliurang sampun
tentrem, upacara Kirab Brata Metri Bumi taksih dipunlestantunaken dumugi samenika.
38
C. Prosesi Upacara Kirab Brata Metri Bumi 1. Cecawis
Lampahing upacara Kirab Brata Metri Bumi saged kaleksanan kanthi lancar tamtu mbetahaken cecawis ingkang tumemen. Cecawisipun inggih
menika kempalan kapurnaman, mundhut toya pitung sumber saha cecawis sajen.
a. Kempalan Kapurnaman
Para sesepuh saha para mudha jaman rumiyin ing Kaliurang ngawontenaken Pepanggihan Saben Malam Kapurnaman. Andharan menika
jumbuh kaliyan pratelanipun informan 04 “kumpulane niku saben tanggal 14 malem 15 Jawi, pas malem purnama
niku.”CLW04
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 02 “Kapurnaman niku tanggal 14 malem 15 jawa, lha napa kok milih
kapurnaman niku karepe paguyuban pangesthi Jawi rak sinau basa lumantar kidung, sabda sepuh, kangge sinau supaya entuk pepadhang
kaya bundere bulan.”CLW02
Kempalan menika ajeg dipunwontenaken saben surya kaping 14 malem 15 Jawi. Kempalan dipunwontenaken saben malem kapurnaman kanthi pangajab
supados pikantuk pepadhang sampurna kados wetahipun wulan purnama. Wonten ing malam kapurnaman menika sinau bab kasusastran Jawi. Antawisipun mbabar
‘tembang tembung’ saking Sekar Macapat saha Kidung, mila kadamel Paguyuban Pangesthi Jawi. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 03.
“pangesthi Jawi minangka bibit kawitipun menika sinau basa para pujangga rikala semanten, kita nyobi mbedhah, madosi wosing tembang
utawi oncek-oncek tembang tembung, pramila kita saged mangertosi
39
pribadi alam saha lingkungan. Saking pakempalan kala wau lajeng kadamel paguyuban pangesthi Jawi.”CLW03
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 01
“rumiyin mbah darmadi, bapak kula reka-reka nggih kumpulan, ngumpulake kanca-kanca, padha sinau nembang, banjur negesi tembang
tembung. Tembung wonten ing tembang niku wau, menapa suraosipun, lha langkung dangu menika kathah ingkang tumut. Lajeng dipunwontenaken
rutin saben malem kapurnaman,”CLW01
Wonten ing kempalan kapurnaman saben malem purnama utawi surya kaping 14 malem 15 menika ngrebag utawi sinau bab basa. Para anggota
paguyuban pangesthi Jawi mastani oncek-oncek tembang tembung. Oncek- oncek tembang tembung inggih menika ngonceki, mbabar wos ing salebeting
sekar utawi kidung tartamtu. Ananging wonten ing kempalan kapurnaman menika ngrembag bab persiapan upacara Kirab Brata Metri Bumi amargi
wekdalipun sampun celak kaliyan wulan sura. Persiapan upacara Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang menika
mbetahaken panyengkuyung saking sedaya warga Kaliurang mliginipun saking anggota Pangesthi Jawi supados saged kaleksanan kanthi lancar. Paguyuban
Pangesti Jawi menika kadhapuk dados seksi ritual wonten ing acara menika. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 02
“ora beda karo taun-taun wingi, pangesthi Jawikuwi kadhapuk dadi seksi rituale.”CLW02
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 05 “ingkang baken nggih pangesthi Jawi niku, ingkang mandhegani
kirab sedayanipun nggih pangesthi Jawi, warga Kaliurang sing
40
mboten nderek
paguyuban nggih
namung nyengkuyung
mawon”CLW05 Kempalan kapurnaman saben surya kaping 14 malem 15 Jawi ingkang
dhawah ing dinten selasa pahing, surya kaping 30 Oktober 2012 dipunundur dados dinten kamis wage, surya kaping 1 November 2012. Kempalan
kapurnaman dipunundur amargi wonten ing dinten selasa pahing menika wonten acara ingkang ndadosaken kempalan kapurnaman dipunundur. Sinaosa
kempalan kapurnaman persiapan upacara Kirab Brata Metri Bumi menika dipunundur wonten ing tanggal 16 Jawi mboten ndadosaken perkawis ingkang
nemen. Dinten kamis wage, surya kaping 1 November 2012 tabuh 20.00 wib
Paguyuban Pangesthi Jawi ngawontenaken kempalan kangge cecawis upacara Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang wonten dalemipun Bapak Ngadimin,
Kaliurang Timur. Kados padatanipun Pak Mesran mbikak kempalan kanthi nyekaraken Tembang lir-ilir. Tembang lir-ilir menika dados pambuka saben
tirakatan wonten ing malam kapurnaman. Tembangipun kados ing ngandhap menika.
Lir-ilir, lir-ilir, tandure wus sumilir Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar Cah anggon, cah anggon penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekna kanggo masuh dadadira Dadad ira, dadadira kumitir bedhahing pinggir
Domana, jlumatana, kanggo seba mengko sore Mumpung gedhe rembulane, mumpung jembar kalangane
Ya surakka, surak iyo...