Sekul Golong kaliyan lawuhipun

121 kaliurang nalika ngawontenaken upacara Kirab Brata Metri Bumi. Kanthi tekad ingkang nyawiji ndadosaken warga masyarakat kaliurang mliginipun paguyuban pangesthi Jawi sami rukun anggenipun ngayahi Kirab Brata. Lawuhipun sekul golong inggih menika ayam panggang lan pecelan. Ayam panggang lan pecelan menika dados lawuhipun nalika nedha sekul golong.

1. Ayam Panggang

Ayam panggang inggih menika pitik babon ingkang dipunmangsak gurih lajeng dipunpanggang. Ayam panggang menika dados salah satunggaling sajen kangge kendhuri wilujengan. Pecelan menika dados jodhonipun sekul golong saha ayam panggang. Ayam panggang menika saged dipunsebat setunggal keutuhan bilih ayam panggang menika dipuncawisaken kaliyan jodhonipun inggih menika pecelan. Anggenipun negesi sedaya ubarampe ayam panggang kaliyan pecelan kala wau dados setunggal sinebat ayam panggang. Sajen Ayam panggang menika caranipun ndamel sami kaliyan damel ingkung. Bumbunipun sami, inggih menika bawang, brambang, laos, jahe, salam, sarem saha gendhis Jawi. Sedaya bumbu dipunuleg ngantos alus. Babon dipunungkep kaliyan bumbunipun. Sasampunipun mateng lajeng ayam babon dipunbakar. Sasampunipun ayam panggang mateng lajeng dipunparingaken wonten nginggilipun pecelan. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 06 “ayam panggang niku nggih sami bumbune kaliyan ingkung kala wau, re masak inggih padha, nek sampun mateng ayam kala wau banjur 122 dibakar ngantos garing nika. Ayam panggang sing mateng didekekake nduwure pecelan, amarga kuwi jodhone. Maknane ayam panggang niku rak saking babon, babon niku ibarate wong wadon kuwi papanipun wonten ing ngriya, pecelane niku kaya-kaya petarangane, kaya omahe.ayam panggange niku sajen kangge para leluwur sing sampun seda.”CLW06 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 07 “ayam panggang nggih kados ayam panggang nika, diungkep riyin, lajeng dibakar. Bumbune nggih sami, wong re ngungkep bareng pitik jagone. Maknanipun tiyang estri menika kewajibanipun dipunlambangaken kados babon ingkang wonten petarangan. Pecelanipun niku nggih kados panggonane. Niku nggih ditujokake kangge para leluwur.”CLW07 Pratelan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Suhardi 1997 : 61 ayam panggang mralambangaken embrio saha sesembahan ingkang dipuncawisaken dhateng para leluwur. Ayam panggang minangka pralambang tiyang estri menika kewajibanipun mboten tebih saking panggenanipun utawi griyaipun. Pecelan menika kados dene papanipun pitik babon utawi petaranganipun, pramila pecelan mralambangaken papanipun tiyang estri menika wonten ing griya. Foto ayam panggang saha pecelan kapacak wonten ing kaca 67.

c. Sekul Ambeng Kaliyan Lawuhipun

Sekul ambeng inggih menika salah satunggaling sajen ingkang dipunginakaken wonten ing kendhuri wilujengan. Adhedhasar saking informan ingkang dipunsebat Sekul Ambeng inggih menika sekul ambeng, jangan kenthang, peyek kaliyan tempe garit. Sedaya tetedhan menika dados 123 setunggal kesatuan saengga saged dipunsebat Sekul Ambeng. Anggenipun negesi sedaya tetedhan kala wau dados setunggal sinebat Sekul Ambeng. Sekul ambeng menika sekul ingkang dipuncithak ngginakaken wadhah ingkang bundher. Sekul Ambeng menika dipundamel saking sekul ingkang dipundang sampun mateng lajeng dipundamel ambeng. Caranipun damel ambeng ngginakaken cithakan wadhah ingkang bunder. Sekul dipunlebetaken wonten ing cithakan ngantos madhet lajeng dipuntumplak wonten ing tampah. Ingkang dados jodhonipun sekul ambeng inggih menika peyek, jangan kenthang saha tempe garit. Sekul ambeng miturut Poerwadarminta ing salebeting Baoesastra Djawa 1939 : 8, ambeng ateges ‘sega sarampadane’. Sega sarampatane inggih menika Sekul Ambeng kaliyan lawuhipun jangan kenthang, peyek kaliyan tempe garit. Dipuntinggali saking wujudipun sekul ambeng ingkang dipunkepung kaliyan lawuhipun menika dados satunggal keutuhan wonten ing sajen kendhuri wilujengan menika. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 06 “sekul ambeng niku sekul dicithak bunder nika, banjur dipepaki kaliyan jangan kenthang, peyek, tempe garit. Niku kabeh dadi lawuhe. Sekul ambeng niki pepak salawuhe kanggo sajen para simbah-simbah sing uwis seda, para leluwur kabeh ”CLW06 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 07 “sega ambeng niku sega pepakan salawuhe, wonten tempe garit, jangan kenthang, peyek. Sega kaliyan jangan kenthang, tempe garit karo lalapane niku sampun dadi jodhone. tiyang jawi menika pitados kaliyan leluwur, sega ambeng salawuhe niku wau karepe nyaosi dhahar dhateng para leluwur ingkang sampun seda. ”CLW07