Sekul Tumpeng Kuning Sajen Kendhuri Baritan a. Krowodan

82

4. Sajen Ringgit Purwa

Sajen ringgit purwa wonten ing upacara Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang menika wujudipun wonten werni-werni, inggih menika ingkung tumpeng robyong, kinang, arta wajib, sekar setaman, empluk, kendhi. Sedaya sajen ringgit purwa menika dipunpapakaken wonten ing panggung ringgit purwa. Langkung cetha malih badhe kaandharaken kados ing ngandhap menika.

a. Tumpeng Robyong

Tumpeng Robyong menika salah satunggaling sajen Ringgit Purwa. Ingkang kalebet wonten ing salebeting Tumpeng Robyong inggih menika sekul tumpeng saha kuluban wonten ing sapinggiripun sekul. Tumpeng menika kadamel saking sekul pethak ingkang dipunwangun kados gunungan. Wonten ing pucukipun tumpeng menika dipuntancepi lombok abrit, brambet minangka simbul pucuk tumuju ing Gusti. Wonten ing sapinggiripun sekul tumpeng dipunwangun kuluban. Kuluban menika ingkang ndadosaken tumpeng menika katingal robyong-robyong. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 06 “tumpeng robyong niku sekul tumpeng pethak dikeki godhong- godhongan wonten pinggire nika, re robyong-robyong niku mergane wonten sayuran, godhongane niku wonten pinggire”CLW06 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 07 “tumpeng robyonge niku didamel saking sekul dicithak gunungan nika, lajeng ditancepi, ditatani kuluban wonten pinggire, niku rak katon robyong-robyong, lajeng ditancepi wonten nduwure tumpeng niku brambang kaliyan lombok abrit. ”CLW07 Wujudipun Tumpeng Robyong kados gambar ing ngandhap menika. 83 Gambar 37. Tumpeng Robyong.doc.dhyan Katrangan : 1. Lombok Abrit 2. Brambang 3. Sekul Tumpeng 4. Kuluban

b. Ingkung

Sajen Pagelaran Ringgit Purwa ingkang awujud ingkung menika anggenipun damel sawung dipunmasak gurih. Bumbu-bumbunipun bawang, brambang, laos, jahe, salam, sarem saha gendhis Jawi. Sedaya bumbu dipunuleg ngantos alus. Lajeng sawung dipunungkep kaliyan bumbunipun. Andharan menika jumbuh kaliyan prathelanipun informan 06 “ingkung niku saking pitik jago, pitik jago sik uwis dibeleh, dikumbah resik banjur diingkung, ditaleni supaya ora icul ingkungane. Terus dimasak dibumbuni bumbunipun bawang, brambang, laos, jahe, salam, sarem saha gendhis Jawi. Diungkep nganti empuk. Re ngungkep kuwi suwe nek pitik jawa ki.”CLW06 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 07 1 2 3 4 84 “pitik jago sing sampun diresiki, diingkung, dibumboni gurih banjur diungkep.”CLW07 Ingkung menika kalebet sajen wonten ing pagelaran ringgit purwa. Ingkung inggih menika sawung ingkang dipunmangsak gurih. Bumbu- bumbunipun bawang, brambang, laos, jahe, salam, sarem saha gendhis Jawi. Sedaya bumbu dipunuleg ngantos alus. Sawung dipuningkung, anggenipun ngingkung sawungipun kados tiyang ingkang saweg sujud. Sawung ingkang sampun dipuningkung lajeng dipunungkep kaliyan bumbunipun. Ingkung wujudipun kados foto ing ngandhap menika. Gambar 38. Ingkung.doc.dhyan Ingkung menika kalebet sajen ringgit purwa. Ingkung inggih menika sawung ingkang dipunmangsak gurih. Bumbu-bumbunipun bawang, brambang, laos, jahe, salam, sarem saha gendhis Jawi. Sedaya bumbu dipunuleg ngantos alus. Sawung dipuningkung, anggenipun ngingkung sawungipun kados tiyang