Sajen Kendhuri Wilujengan a.

118 lan sikile”. Pitik ingkang dipunkajengaken kangge sajen inggih menika pitik jago utawi sawung. Sawung ingkang sampun dipunpragad lajeng dipunmangsak gurih. Bumbu-bumbunipun bawang, brambang, laos, jahe, salam, sarem saha gendhis Jawi. Sedaya bumbu dipunuleg ngantos alus. Sawung dipuningkung, anggenipun ngingkung sawungipun kados tiyang ingkang saweg sujud. Sawung ingkang sampun dipuningkung lajeng dipunungkep kaliyan bumbunipun. Ingkung menika dados salah satunggaling sajen ingkang dipunangge wonten ing Kendhuri Wilujengan. Ingkung inggih dados lawuhipun sekul tumpeng. Ingkung mralambangaken tiyang ingkang manekung utawi pasrah wonten ing ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01. “Kuwi wujud kita manekung ing pangeran, mempeng anggone panyuwunan, madhep manteb karo gegayuhane.manekung niku rak pasrah ing ngarsane Gusti Pangeran.” CLW 01 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04. “ingkung kuwi nelikung sing gawe ora apik, apa wae, sapa wae sing arep gawe ora becik iku ditelikung, supaya ora dadi bebaya. Uga bisa manekung mempeng anggone nyenyuwun. ” CLW 04 Andharan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Sunjata 19961997 : 37, ingkung ateges ayam kampung ingkang dipunmasak wetah, dipunsukani bumbu boten pedhes lan migunakaken santen klapa. Ingkung mralambangaken manungsa nalika taksih bayi ingkang taksih suci dereng nggadhahi kalepatan. Kejawi saking menika, ingkung ugi nyimbulaken patrap ingkang pasrah dhateng Gusti Ingkang Maha Agung. Ingkung menika mralambangaken tiyang ingkang manekung utawi pasrah wonten ing ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung. Wujudipun 119 ingkung ingkang dipunbanda menika dados pratandha bilih tiyang gesang wonten ing alam donya menika pasrah dhateng Gusti Ingkang Maha Agung. Ingkung menika ateges nelikung menapa kemawon ingkang badhe tumindak mboten becik. Pramila, kanthi nelikung menika nebihaken saking bebaya.