Krowodan Sajen Kendhuri Baritan a. Sekul Tumpeng Kuning

137 ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01. “Kuwi wujud kita manekung ing pangeran, mempeng anggone panyuwunan, madhep manteb karo gegayuhane.manekung niku rak pasrah ing ngarsane Gusti Pangeran.” CLW 01 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04. “ingkung kuwi nelikung sing gawe ora apik, apa wae, sapa wae sing arep gawe ora becik iku ditelikung, supaya ora dadi bebaya. Uga bisa manekung mempeng anggone nyenyuwun. ” CLW 04 Andharan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Sunjata 19961997 : 37, ingkung ateges ayam kampung ingkang dipunmasak wetah, dipunsukani bumbu boten pedhes lan migunakaken santen klapa. Ingkung mralambangaken manungsa nalika taksih bayi ingkang taksih suci dereng nggadhahi kalepatan. Kejawi saking menika, ingkung ugi nyimbulaken patrap ingkang pasrah dhateng panguwaosing Gusti. Ingkung menika mralambangaken tiyang ingkang manekung utawi pasrah wonten ing ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung. Wujudipun ingkung ingkang dipunbanda menika dados pratandha bilih tiyang gesang wonten ing alam donya menika pasrah dhateng Gusti Ingkang Maha Agung. Ingkung menika ateges nelikung menapa kemawon ingkang badhe tumindak mboten becik. Pramila, kanthi nelikung menika nebihaken saking bebaya. Wonten ing Kendhuri Wilujengan menika Ingkung mralambangaken sipat ingkang pasrah ndherek kersanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ugi nelikung nebihaken bebaya supados upacara Kirab Brata Kaliurang saged lumampah kanthi lancar. Foto ingkung kapacak wonten ing kaca 84.

b. Tumpeng Robyong

138 Tumpeng Robyong menika salah satunggaling sajen Ringgit Purwa. Ingkang kalebet wonten ing salebeting Tumpeng Robyong inggih menika sekul tumpeng saha kuluban wonten ing sapinggiripun sekul. Tumpeng menika kadamel saking sekul pethak ingkang dipunwangun kados gunungan. Wonten ing pucukipun tumpeng menika dipuntancepi lombok abrit, brambet minangka simbul pucuk tumuju ing Gusti. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 02 “tumpeng robyong niku sega tumpeng sing wonten pinggiripun disukani sayur-sayuran, niku nglambangaken kemakmurane warga masyarakat. ”CLW02 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04 “lha inggih menawi tumpeng robyong nika lak wujude lancip, robyong-robyong saking sayur-sayuran nika ya supaya makmur ngoten wargane.” CLW 04 Pratelan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Suryakusuma 2003 : 15, ngandharaken bilih Tumpeng Robyong inggih menika Tumpeng Pethak ingkang dipunwangun kaliyan mawarni-warni sayuran. Tumpeng menika dipunsebat tumpeng robyong amargi wujudipun ingkang robyong- robyong wontenipun kuluban wonten ing sapinggiripun sekul tumpeng, pramila sekul tumpeng menika dipunsebat Tumpeng Robyong. Tumpeng Robyong menika mralambangaken kemakmuranipun para warga masyarakat. Saged dipuntingali wujudipun sekul tumpeng ingkang dipunsukani kuluban wonten ing sapinggiripun sekul tumpeng menika ndadosaken sekul tempeng katon robyong-robyong. Kanthi Tumpeng Robyong menika mugi para warga kaliurang saha sakiwatengenipun tansah pinaringan