Gunggungipun anggota Paguyuban Pangesthi Jawi

32 “kathah-kathahe nggih petani. Petani kambing etawa, ya ternaklah. Abri wonten, karyawan swasta nyambut gawe wonten yogya rika, dodol wonten tlaga putri, rata-rata nggih petani kaliyan dodolan.”CLW01 Saperangan ageng pakaryanipun inggih menika minangka peternak. Menika saged katingal wonten ing salebeting pratelanipun para informan. Peternak wonten ing Dusun Kaliurang antawisipun ternak lembu, menda saha kelinci. Bab menika nuduhaken bilih wilayah Kaliurang menika jodho dipunginakaken papan ingen-ingen. Kajaba peternak ingkang kathah wonten ing tlatah Kaliurang, para ingkang sadean wonten ing papan wisata Kaliurang, karyawan toko, SAR, usaha penginapan, villa saha hotel ugi ndadosaken perekonomian warga Kaliurang saged ngrembaka. Pakaryanipun anggota pangesthi Jawi ingkang mawarni-warni mboten ndadosaken para paraganipun Kirab Brata dipunbeda-bedaaken miturut jinising pakaryanipun. Sedaya anggota paguyuban pangesthi Jawi pikantuk nderek ngayahi Kirab Brata menika.

c. Sistem Realigi

Sistem realigi paraga upacara Kirab Brata Metri Bumi menika warni- warni. Wonten ingkang ngrasuk agami Islam, Kristen saha Katholik, amargi upacara menika mboten mbeda-mbedakaken agami. Upacara menika adhedasar ngrembakakaken tradhisi Jawi. Kanthi adhedhasar pratelan saking para informan. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 08. “nek bab agama niku kathah sing Islam, katholik, kristen nggih wonten. Nanging padha rukun-rukun nek mriki niku. Upacarane niki rak mboten 33 memihak agama pundi-pundi, sedaya agama saged mlebet, upacarane niki ki ngrembuk bab tradisi jawa. ”CLW08 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanioun informan 03 “mayoritas wonten mriki menika ngrasuk agami Islam, nanging nggih wonten ingkang ngrasuk agami Kristen saha Katholik. Kathah ingkang Islam, ning niki upacarane niku mboten ngrembuk bab agama, sinten- sinten olehmelu. Tradhisi wonten ing mriki ugi taksih mlampah, nggih sek wonten jawa jawane nika, mitoni, mantu, kendurenan nggih liya- liyane.”CLW03 Saking andharan ing nginggil katelah bilih upacara Kirab Brata menika mboten sambet kaliyan agami tartantu, liripun sedaya agami pikantuk nderek upacara Kirab Brata. Upacara Kirab Brata menika minangka nglestantunaken kabudayan Jawi. Saperangan ageng paraga paguyuban pangesthi Jawi kathah ingkang ngrasuk agami Islam. Kajaba ngrasuk agami Islam para warga masyarakat Kaliurang wonten ingkang ngrasuk agami Kristen saha agami Katholik. Kangge ngawotenaken papan pangibadahan, wonten ing Dusun Kaliurang sampun kabangun masjid-masjid utawi Mushola. Ngenggingi bab menika nanging taksih ketingal wontenipun kapitadosan dhateng leluwuripun. Bab kasebat katitik taksih wonten upacara-upacara tradhisi lan wilujengan ingkang dipuntindakaken. Upacara tradisi ingkang taksih dipuntindakaken dening warga masarakat antawisipun upacara Mitoni, Mantu, Kesripahan, Sedhekah tiyang seda, Kirab Brata, Merti Desa, Ruwahan lan sapanunggalanipun.