Kinang Sajen Kirab Brata a. Uwos Kuning

131 “mawar niku ateges binawar utawi penawar, umpaminipun wonten bebaya bisa dadi tolak bala, kembang melati niku dadi lathi ingkang ateges mralambangaken kabeh sing diomongke kuwi kudu dijaga, ora kena ngapusi. Kanthil niku saking tembung kumanthil-manthil ateges ngraketaken pasederekan banjur bisa pada rukun. ”CLW04 Pratelan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Pringgawidagda 2003 : 9, Sekar setaman menika tegesipun sedaya sekar ingkang wonten ing patamanan, namung tamtunipun boten badhe mendhet sedaya sekar ingkang wonten ing patamanan. Ingkang kalebet sekar setaman inggih menika sekar mawar abrit, sekar mawar pethak, mlathi, kenanga lan kanthil. Dipuntingali saking tembungipun sekar mawar menika ateges binawar utawi penawar. Sekar mlathi menika saking tembung lathi ingkang ateges sedaya ingkang dipunadharaken kedah dipunjagi. Sekar kanthil menika saking tembung kumanthil-manthil ateges ngraketaken pasederekan supados sedaya saged rukun. Lajeng kenanga, kanthil, melati, menika ugi saged dipunjarwa dhosokaken “kena menga, kumanthil ning ngati”. Menika arahipun dhateng pangandikannipun ingkang ngatos-atos, dados menawi ngendika menika kedah ingkang sae. Sekar menika saged dipunwaos simbol ganda ingkang arum, wonten mriki gesang menika nyebar ganda arum. Kewajiban gesang menika supados nyebar ganda arum kaliyan sinten kemawon. Ingkang dipunkajengaken nyebar ganda arum menika kanthi tumindak saha pangandikanipun ingkang sae kaliyan sinten kemawon. Foto sekar setaman kapacak wonten ing kaca 85. 132 dDupa Dupa ingkang ngedalaken kebul menika minangka simbul supados kebulipun saged ngambar-ambar nglantaraken donga ingkang sampun dipunucapaken wonten ing salebeting upacara Kirab Brata. Kanthi pangajab supados lampahing upacara saged kaleksanan kanthi lancar. Kebulipun saged minggah dumugi wonten ngarasa dalem Gusti Ingkang Maha Agung. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 “Namung wangsul malih dupa menika nggih mbok bilih sami kaliyan sekar, nyebar ganda arum. Nanging wonten mriki menika nggih sami kaliyan sekar, nyebar ganda arum. Menika estunipun nyimbulaken supados nglantaraken donga kita dumugi ngersaning Gusti.” CLW 01 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04. “dupa niku kangge lantaran menawi badhe kepangggih roh alus. Saged ugi nglantaraken donga ing Gusthi Allah. Kebule dupa nikaminggah lajeng dumugi wonten ing nginggil rika. Dupa ambune wangi ta nggih, nyebar wewangian.CLW04 Pratelan wonten ing nginggil dipunsengkuyung dening Maharkesti, dkk 1988-1989 : 160, dupa ingkang ngedalaken kebul nggadhahi makna supados roh-roh leluhur mbiyantu panyuwunanipun masarakat ingkang nindakaken upacara. Dupa menika minangka simbol kangge nglantaraken donga tumuju wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung. Kebulipun dupa ingkang kabesem ngambar-ambar gandanipun menika dados pralambang nyebar ganda arum wonten ing alam donya menika. Ingkang dipunkajengaken nyebar ganda