Tumpeng Robyong Ingkung Sajen Ringgit Purwa

84 “pitik jago sing sampun diresiki, diingkung, dibumboni gurih banjur diungkep.”CLW07 Ingkung menika kalebet sajen wonten ing pagelaran ringgit purwa. Ingkung inggih menika sawung ingkang dipunmangsak gurih. Bumbu- bumbunipun bawang, brambang, laos, jahe, salam, sarem saha gendhis Jawi. Sedaya bumbu dipunuleg ngantos alus. Sawung dipuningkung, anggenipun ngingkung sawungipun kados tiyang ingkang saweg sujud. Sawung ingkang sampun dipuningkung lajeng dipunungkep kaliyan bumbunipun. Ingkung wujudipun kados foto ing ngandhap menika. Gambar 38. Ingkung.doc.dhyan Ingkung menika kalebet sajen ringgit purwa. Ingkung inggih menika sawung ingkang dipunmangsak gurih. Bumbu-bumbunipun bawang, brambang, laos, jahe, salam, sarem saha gendhis Jawi. Sedaya bumbu dipunuleg ngantos alus. Sawung dipuningkung, anggenipun ngingkung sawungipun kados tiyang 85 ingkang saweg sujud. Sawung ingkang sampun dipuningkung lajeng dipunungkep kaliyan bumbunipun.

c. Sekar Setaman

Sekar setaman ingkang dipunginakaken kangge sajen pagelaran ringgit purwa inggih sekar mawar abrit, mawar pethak, kanthil, mlati, kenanga. Sekar setaman menika dipuntumbas saking peken. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 “sajen sekar setaman ingkang dipunngge menika sekar mawar abrit, mawar pethak, kanthil, mlati, kenanga,Lha niku sajene re tumbas wonten peken.”CLW01 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 03 “kembang setaman re tuku neng pasar kuwi mau banjur ditata,kembang mawar, melati, kenanga, karo kanthil.CLW03 Wujudipun Sekar setaman kados gambar ing ngandhap menika. Gambar 39. Sekar Setaman. doc.dhyan Adhedhasar andharan wonten ing nginggil sekar setaman ingkang dipunginakaken inggih menika sekar mawar pethak, mawar abrit, melathi, 86 kenanga kaliyan kanthil. Sedaya sekar kala wau dipuntumbas wonten ing peken. Sekar setaman menika minangka simbul nyebar ganda arum. Inggih menika arahipun dhateng pangandikan saha tumindak ingkang sae dhateng sinten kemawon.

d. Kinang

Kinang menika mujudaken salah satunggaling rerangken sajen ingkang kalebet ing pisang sanggan. Kinang menika wujudipun sedhah, gambir, injet, sata lan arta wajib. Kinang menika dados sajen wonte ing pagelaran ringgit purwa. Andharan menika jmbuh kaliyan pratelanipun informan 01 “kinang niku antarane suruh, gambir, injet, sata. Nanging niku ditambahi arta wajib sisan. Karepe sedhekahe. Umpama ana sajen sing ora pepak duwit kuwi mau kanggo supaya sajene pepak.”CLW01 Andharan menika dipunsengkuyung dening prathelanipun informan 04 “kados kinang nika, wonten suruh, gambir, injet karo mbako.menawi wonten sajen wayang niki sisan diparingi arta wajib.”CLW04 Wujudipun Kinang, rokok saha arta wajib kados gambar ing ngandhap menika. Gambar 40. Kinang. Doc.dhyan Katrangan : 1. Sedhah 4. Rokok 5. Arta Wajib 2. Gambir 3. Sata 1 2 3 4 5 87 Kinang menika salah satunggaling sajen ingkang kalebet wonten ing Sajen Kirab Brata lan Sajen Ringgit Purwa. Kinang menika wujudipun sedhah, gambir, injet lan sata. Kinang menika wujud sesembahan dhateng leluwur ingkang estri. Rokok minangka wujud sesembahan dhateng leluwur ingkang kakung.

e. Pisang Sanggan, Tukon Pasar, empluk lan kendhi

Pisang sanggan, tukon pasar, empluk saha kendhi menika kalebet sajen Ringgit Purwa. Pisang ingkang dipunginakaken wonten ing pisang sanggan inggih menika pisang raja. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 04 “pisang sanggan niku wujude gedhang raja sing tadhah udan, sing tundhunan lirangan dhuwur dhewe lan nomer loro, tukon pasare niku napa mawon saged, panganan sing ditumbas wonten peken. wonten taro, slondhok saha tape. Empluk karo kendhine kuwi piranti mangsak jaman mbiyen, nanging sing cilik-cilik nika, niku nggih tumbas wonten peken. kabeh wau, gedhang raja, tukon pasar karo empluk kendhi diwadhahi siji supaya ringkes. ”CLW04 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 02 “pisang sanggan wonten pisang raja, benang lawe karo klapa wutuh. Tukon pasar inggih werna-werna jajanan sing ditumbas saking peken. Kabeh wau dipuntata dados setunggal wadhah kaliyan empluk lan kendhi. ”CLW02