Tempe Garit Prosesi Upacara Kirab Brata Metri Bumi 1. Cecawis

71 Gambar 03. Sayur Kenthang.doc.dhyan Adhedhasar andharan wonten ing nginggil caranipun damel sayur kenthang inggih menika bumbu dipunuleg ngantos alus. Kenthang dipuniris dados alit-alit. Bumbu saha bahan cumawis lajeng bumbu dipungangsa ngantos ambetipun arum, enggal-enggal kenthang dipunlebetaken. Kenthang setengah mateng lajeng santen dipunlebetaken. Sasampunipun santen umub krecek dipunlebetaken sinambi dipunudhak.

d. Jenang

Bahanipun jenang saking glepung, santen, toya kaliyan sarem. Sedaya bahan dipunuleni lajeng dipunmasak sinambi dipunudhak. Jenang dipundadosaken werni gangsal inggih menika jenang abang, jenang putih, jenang pliringan, jenang blowok, saha jenang baro-baro. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 07 “jenang putih niku bahane glepung, santen, banyu karo uyah sethithik kuwi mau dijladreni, banjur dimangsak sinambi diudak-udak ndak njendhel nek ra diudhak-udhak. Wis kuwi, ora ditambahi apa apa nehnek jenang abang niku nggih jenang putih wau kantun ditambahi gendhis Jawi 72 sekedhik.jenang baro-baro niku, jenang putih sing ditambahi parutan klapa karo gula jawa.jenang pliringan kuwi jenang sing separo jenang abang, sing separo jenang putih.jenang blowok niku jenang putih dipunsukani gula jawa sethithik neng nduwure jenang putih iki mau, dadi gulane kuwi mau ora dicampur karo jenange.”CLW07 Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 06 “jenang putih kados biyasane nika, saking glepung kaliyan santen dipunmangsak, sampun mboten ditambahi napa-napa malih.jenang abange, wau jenang putihe tasih torah banjur disukani gendhis Jawi, dicampur dadi warnane abang.”CLW06 Wujudipun Jenang ingkang sampun dados kados foto ing nggandjap menika. 1 2 3 4 5 Gambar 09. Jenang.doc.dhyan Katrangan : 1. jenang putih 4. jenang pliringan 2. jenang abang 5. jenang blowok 3. jenang baro-baro Adhedhasar andharan wonten ing nginggil caranipun damel jenang putih bahanipun saking glepung, santen, toya kaliyan sarem. Sedaya bahan dipunmasak sinambi dipunudhak. Amargi jenang menika jenang putih saengga jenang menika mboten dipuntambahi napa-napa malih. Jenang Abang menika anggenipun damel bahanipun sami kaliyan damel jenang putih. Jenang putih ingkang tasih anget dipuntambahi gendhis Jawi sekedhik. Gendhis menika supados werninipun jenang dados abang. Jenang baro-baro inggih menika jenang putih ingkang dipunsukani