Paedah Nglestantunaken Budaya Paedahipun Upacara Kirab Brata Metri Bumi

152

BAB V PANUTUP

A. Simpulan

Panaliten upacara Kirab Brata Metri Bumi wonten ing Dusun Kaliurang, Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman menika ngandharaken asal-usul upacara Kirab Brata Metri Bumi, lampahing upacara Kirab Brata Metri Bumi, makna simbolik ubarampe sajen ingkang dipunginakaken wonten ing upacara Kirab Brata Metri Bumi saha paedah upacara Kirab Brata Metri Bumi menika. Kangge ngandharaken ancasing panaliten menika, panaliti migunakaken panaliten kualitatif.Anggenipun ngempalaken data kanthi pengamatan berperanserta saha wawancara mendalam. Anggenipun nglampahi pengamatan berperanserta kanthi cara panaliti ndherek langsung lampahing upacara Kirab Brata Metri Bumi wonten ing lapangan. Cara menika ugi nggampilaken anggenipun wawancara mendalam kaliyan para informan. Asal-usul upacara Kirab Brata Metri Bumi mula bukanipun rikala Kurdaning Redi Merapi ndadosaken kawontenan Kaliurang risak papan pariwisatanipun saha nandhang paceklik. Pramila, ndadosaken kaprihatosan para warga Kaliurang saha sakiwatengenipun. Saking kawontenan menika, sesepuhipun Paguyuban Pangesthi Jawi ngawontenaken tirakat mlampah ngubengi dusun Kaliurang kanthi Kirab Brata menika. Kanthi upacara Kirab Brata Metri Bumi menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung supados tlatah Kaliurang saha sakiwatengenipun tansah pinaringan 153 katentreman, kawilujengan saha kamakmuran kados saderengipun kurdaning Redi Merapi. Sinaosa kawontenan tlatah Kaliurang sampun tentrem, upacara Kirab Brata Metri Bumi taksih dipunlestantunaken dumugi samenika. Lampahing upacara Kirab Brata Metri Bumi menika wonten ing warsa enggal malem 1 Sura. Upacara Kirab Brata Metri Bumi menika lumampah ing dinten Rebo Paing surya kaping 14 November 2012. Prosesi upacara Kirab Brata Metri Bumi kaperang dados sekawan prosesi inggih menika Kendhuri Wilujengan, Kirab Brata, Kendhuri Baritan saha Pagelaran Ringgit Purwa. Papan upacara Kirab Brata menika wonten ing Pendhapa Paguyuban Pangesthi Jawi saha Papan Wisata Tlaga Putri. Makna simbolik sajen ingkang dipunginakaken wonten ing lampahing upacara Kirab Brata Metri BumiKaliurang inggih menika. 1. Sajen Kendhuri Wilujengan a. Sekul Tumpeng kaliyan lawuhipun Sekul tumpeng mralambangaken nyuwun kawiljengan para warga masyarakat ingkang ngawontenaken upacara Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang. Lawuhipun sekul tumpeng inggih menika ingkung, saha lalapan krecek. 1. Ingkung Ingkung menika mralambangaken tiyang ingkang manekung utawi pasrah wonten ing ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung. Wujudipun ingkung ingkang dipunbanda menika dados pratanda bilih tiyang gesang wonten ing alam donya menika pasrah dhateng panguaosipun Gusti Ingkang Maha Agung. Miturut informan ingkung menika ugi ateges nelikung menapa kemawon ingkang badhe 154 tumindak mboten becik. Pramila, kanthi nelikung menika nebihaken saking bebaya. Wonten ing Kendhuri Wilujengan menika Ingkung mralambangaken sipat ingkang pasrah ndherek kersanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ugi nelikung nebihaken bebaya supados upacara Kirab Brata Kaliurang saged lumampah kanthi lancar. 2. Lalapan Krecek lalapan menika lawuh nalika nedha. Pramila, lalapan krecek menika dados lawuhipun sekul tumpeng, ingkung saha peyek. Lalapan Krecek menika dados lawuhipun nalika nedha sekul tumpeng lan ingkung b. Sekul Golong Kaliyan Lawuhipun Bilih dipuntingali saking wujudipun sekul ingkang dipundamel golong gilig menika nyawijining tekad. Wonten ing kendhuri wilujengan menika sekul golong mralambangaken tekad ingkang nyawiji antawisipun warga masyarakat Kaliurang nalika ngawontenaken upacara Kirab Brata Metri Bumi. Kanthi tekat ingkang nyawiji ndadosaken warga masyarakat Kaliurang mliginipun paguyuban pangesthi Jawi sami rukun anggenipun ngayahi Kirab Brata. 1. Ayam Panggang Ayam panggang menika minangka pralambang tiyang estri menika kewajibanipun mboten tebih saking panggenanipun utawi petaranganipun. Pecelan menika kados dene papanipun ayam babon utawi petaranganipun, pramila pecelan mralambangaken papanipun tiyang estri menika wonten ing griya. c. Sekul Ambeng kaliyan lawuhipun