148
kirab brata, metri bumi kanthi kirab brata menika temtunipun lajeng ndayani bathos menika ayem, tegesipun menawi kewajiban menika
sampun katindakaken menika njalari penggalih menika tentrem. Ing arahipun dhateng tentreming penggalih. Boten namung tumrap warga
pangesthi Jawi kemawon, ananging tumrap masarakat piyambak ugi tentrem.”CLW01
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 09 “kalau
kirabnya itu
lebih ke
introspeksi dan
doa keselamatan.”CLW09
Manah ingkang wening menika ndadosaken katentremaning gesang. Tiyang saged nglirwakaken bab-bab ingkang ndadosaken gesangipun tebih
saking katentreman. Kanthi nglampahi kirab brata pramila tiyang saged nyenyepi, menggalih menapa ingkang saged ndadosaken gesangipun tentrem.
Wonten ing upacara Kirab Brata Metri Bumi menika masarakat nyuwun dhateng Gusti Ingkang Maha Kuaos supados tansah pinaringan kawilujengan.
2. Paedah Sosial
Kirab Brata dipunsengkuyung dening sedaya masarakat Kaliurang. Menika nuduhaken bilih kirab brata nggadhahi paedah sosial. Wontenipun
Kirab Brata ndadosaken pasedherekan para warga langkung rumaket. Masarakat sesarengan anggenipun nyamaptakaken sedaya ubarampe kangge
upacara Kirab Brata Metri Bumi. Saperangan masarakat wonten ingkang masak kangge sesajen, saperangan malih wonten ingkang nyamaptakaken pirantos
ingkang badhe dipunbekta nalika mlampah kirab, saha saperangan sanesipun mundhut toya wonten ing pitung sumber. Andharan menika jumbuh kaliyan
pratelanipun informan 01
149
“fungsi sosialipun menika saged ndamel sami dipun ayahi sesarengan saking masarakat, saking kelompok-kelompok. Masarakat sesarengan
kaliyan pemerintah menika sami sareng-sareng ngawontenaken temtunipun boten saged kanthi piyambak-piyambak. Boten cekap
namung dipun ayahi saking pangesthi jawi kemawon, boten saged namung dipun ayahi dening pemerintah desa , boten saged namung
dipunayahi dening masarakat kemawon. Temtunipun sesarengan saking pangesthi jawi dipunsengkuyung kaliyan masarakat. Nggih
istilahipun saged nggerakaken sakperangan masarakat.”CLW01
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 05 “kalau sosialnya itu ya kebersamaan itu. Padha bebarengan gotong-
royong nganaake kirab itu. ya kebersamaan itu sudah meliputi sosial”CLW05
Lampahing upacara Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang menika nggadhahi paedah sosial tumraping warga masarakat Kaliurang. Paedah menika
katitik saking gotong-royongipun warga nalika nindakaken upacara kirab brata mubeng kaliurang, ugi saking cecawis upacara ngantos dumugi paripurnaning
lampahipun upacara. Kejawi saking menika ugi saged ngraketaken pasedherekan lan pasrawunganing warga kaliurang saha sakiwatengenipun.
3. Paedah Ekonomi
Wonten sektor ekonomi, Kirab Brata ugi paring paedah. Tumrap saperangan masarakat, Kirab Brata menika dados salahsatunggaling tontonan
ugi objek wisata. Kathah tiyang ingkang migunakaken wekdal menika kangge sadean. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 07
“temtunipun saged tambah pemasukan, saking sing padha dodol panganan, penginapan ugi dados rame. Dadi niku rak nggih nambai
pemasukan.”CLW07