Sekar Setaman, Kinang lan Dupa

78 Adhedhasar andharan wonten ing nginggil sedaya sekar menika dipuntumbas wonten ing peken. Sekaripun inggih menika sekar mawar abrit, mawar pethak, kenanga saha melathi. Sekar sawur menika badhe dipunsawuraken wonten ing lampahing Kirab Brata mubeng Kaliurang. Sekar sawur menika kanthi ancas nyebar ganda arum. Nyebar ganda arum ingkang dipunkajengaken inggih menika tumindak saha anggenipun wicanten menika kedah ingkang sae dhateng sinten kemawon.

3. Sajen Kendhuri Baritan a. Krowodan

Tembung baritan menika saged kadhapuk saking tembung ‘barit’ utawa ‘barita’, nanging wonten ing kamus mboten dipunpanggihaken tembung menika. Adhedhasar saking wawancara tembung menika owah gingsir saking tembung bari, ingkang ateges sesarengan kados asiling wawancara ing ngandhap menika. “kendhuri baritan niku kenduren slamean kados kenduren slametan nika, namung sajene niku krowotan. Bari niku artine bareng-bareng, karepe ya slametan bareng-bareng niku.”CLW02 Andharan menika dipunsengkuyung dening prathelanipun informan 04 “baritan kuwi bareng-bareng. Anggone kendhuren baritan kuwi bareng- bareng.Bari kuwi karepe kambi utawa karo. Bareng-bareng karo warga Kaliurang kabeh”CLW04 Adhedhasar pratelan wonten ing nginggil bilih Kendhuri Baritan menika kendhuri wilujengan sesarengan sedaya warga masyarakat Kaliurang saha sakiwa tengenipun ingkang ndherek mersani upacara Kirab Brata Metri Bumi Kaliurang. Sajen Kendhuri Baritan menika wonten sekul tumpeng kuning saha krowodan. Sekul kuningipun wonten ingkang dipundamel tumpeng ugi wonten ingkang 79 dipunwadhahi cekethong alit, amargi sekul kuning menika badhe dipunrebataken sedaya tiyang ingkang nderek upacara Kirab Brata Metri Bumi. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 09 “sajen baritane niku saking kabeh warga Kaliurang dijaluki bantuan nyepakake krowodan kanggo kenduri baritan. Karo sega kuning re gawe ing warunge Bu Dewi papane ing papan wisata Tlaga Putri Kaliurang.”CLW09 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipu informan 06 “saking warga nyepakake krowodan, ya asile bumi Kaliurang nanging sakniki Kaliurang niku ditanduri beton dadi ya krowodane kuwi tuku ing pasar. Sega kuninge gawe 100 kilo sing ajeng didum-dum niku.”CLW06 Sajen Kendhuri Baritan wonten werni kalih, inggih krowodan saha Tumpeng Sekul Kuning. Krowodan menika saking asiling bumi Kaliurang. Saben warga kedah ngempalaken krowodan setunggal tambir. Krowotan menika ingkang dipunrebataken sasampunipun Kirab mubeng Kaliurang purna. Wujud krowodan kados gambar ing ngandhap menika. Gambar 34. Krowodan .doc.dhyan 1 2 3 4 5 6