Pengetan 7 dinten sedanipun Pengetan 40 dinten sedanipun

Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Lha nek nggoleki rong taune kui gmapang mas, titenani angka 1. Tegese 1 bali ning dina sedane mbien.” CLW 04

h. Pengetan 100 dinten sedanipun

Menawi badhe madosi dinten menapa pengetan 1000 dinten sedanipun, angka ingkang dipunginakaken inggih menika angka 6. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Angka 6 nggo nggoleki 1000 dinane.” CLW 04 Caranipun ngginakaken : Dinten sedanipun + 6 dinten Minggu Legi + 6 dinten= Minggu Legi, Senin Paing, Selasa Pon, Rebo Wage, Kemis Kliwon, Jumat Legi Mila pengetan 1000 dinten sedanipun dinten Jumat Legi kirang langkung wonten sasi Januari 2018. Menawi wonten sasi Januari 2018 menika boten wonten dinten Jumat Legi, saged dipunpadosi wonten sasi saderengipun, amargi menawi wonten sasi sasampunipun Januari, menika sampun langkung saking 1000 dinten, boten pas malih.

3. Petangan ingkang dipunginakaken wonten damel griya

Griya inggih menika bangunan ingkang dados papan kangge manggen tiyang piyambak utawi kaluarga, ingkang adatsabenipun menika kanthi wekdal ingkang dangu, pramila saking menika, menawi tiyang badhe damel griya temtunipun gadhah pangajab bilih griya menika benjing dados griya ingkang adhem ayem saha saged maringi katentreman dhateng ingkang manggen. Ing masarakat Jawi wonten saperangan bab ingkang kedah dipungatosaken menawi badhe damel griya, antawisipun :

1. Dereng mantu boten pareng damel griya

Tegeseipun, menawi tiyang menika dereng nate utawi dereng gadhah mantu, dereng pareng damel griya. Amargi miturut kapitadosan menawi ingkang dereng mantu menika damel griya, griya menika menawi dipunggeni raosipun kirang sekeca, kirang tentrem, lan ugi malah saged ingkang manggen menika lelaranen. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “sarate nek arep gawe omah kuwi ana loro mas, sing kepisan kuwi nek urung mantu, urung oleh gawe omah. Sebabe omah kuwi mengko nek dinggo rasane ra kepenak, ra ayem, ra jenak, malah isa sing manggon kuwi lelaranen ra mari-mari.” CLW 05 Ananging sarat menika saged dipunakali, caranipun niat anggenipun damel griya menika dipunwakilaken dhateng tiyang ingkang sampun nate mantu, tuladhanipun tiyang sepuhipun, utawi menawi tukang ingkang mbangun griya menika sampun nate mantu, saged mawon niat damel griya menika dipunwakilaken dhateng tukang menika. Ingkang pokok niatipun dipunwakilaken dhateng tiyang ingkang sampun nate mantu. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “nek wis mampu apa pengin tenan gawe omah ning urung mantu, isa wae kuwi diakali mas, carane niate gawe omah kuwi diwakilke, apa diwakilke bapakne, ibune, apa tukange we ya oleh kok, sing penting wong sing wis tau mantu.” CLW 05

2. Ander gunggungipun kedah genep

Ander utawi cagak molo gunggungipun kedah genep. Amarga menawi boten genep, griya menika ugi raosipun boten sekeca, boten nemtremaken, boten