Sri Rejeki Ijab Qabul

Andharan ing nginggil menika ugi jumbuh kaliyan ingkang kaserat wonten Kitab Primbon Betaljemur Adammakna 2013:15 ingkang nyebataken bilih: 1. yen turah 1, sri tegese slamet lumintu rejekine; 2. yen turah 2, lungguh tegese duwe pangkat; 3. yen turah 3, gedhong tegese sugih; 4. yen turah 4, lara tegese kangelan; 5. yen turah 5, pati tegese sangsara utawa kerep kepaten. Saking andharan informan kaliyan saking Kitab Primbon Betaljemur Adammakna menika, saged dipunpundhut dudutan bilih nilai ingkang dipunginakaken mara inggih menika 5, ingkang tegesipun sami senajan wonten beda setunggal tembung antawis rejeki kaliyan lungguh, ananging menika tegesipun sami sae. Menawi sampun mangertos tegesipun saking tembung sri, rejeki, gedhong, lara lan pati, salajengipun badhe kaandharaken caranipun ngginakaken petangan menika. Caranipun, petangan neptonipun temanten kekalih menika dipungunggung, lajeng dipunpara 5 sri, rejeki, gedhong, lara, pati. Menawi sampun, lajeng dipunpadosi dinten ingkang cocok kaliyan asil petangan neptonipun teamanten kekalih menika wau. Tualadhanipun :

a. Neptonipun temanten kekalih

Jaler : minggu legi = 10 21 : 5 = 5,5,5,5 tirah 1 =Sri Estri : selasa kliwon = 11

b. Dinten kangge ijab dipunpadosi ingkang sami tirah 1

Jumat : 6 11 : 5 = 5,5 tirah 1 = Sri Legi : 5 Saengga dinten ingkang sae kangge ijab inggih menika jumat legi. Ananging kedah dipungatosaken malih menapa dinten ingkang dipunpilih menika pas dinten geblak salahsatunggal tiyang sepuhipun temanten kekalih menapa boten. Geblak inggih menika dinten sedanipun tiyang sepuh. Saumpami dinten jumat legi menika gebalakipun tiyang sepuh temanten kakung, senajan dinten menika sae miturut petungan temantenipun, tetep boten pareng ijab dinten menika. Amargi dinten menika geblakipun, kedah ngurmati. Menawi tetep dipunlampahaken saged nemahi apes utawi kirang sae. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Tur meneh becike ora milih dina ijab pas geblake wong tuwane mas. Kuwi ra apik. Isa ra apik ki pas nalika ijabe ana alangan apa malah sesuk mantene kuwi sing nemoni alangan nek wis bebojoan” CLW 03 Menawi sampun dipuntemtokaken dinten ijab dinten jumat legi, salajengipun madosi saatipun ingkang sae kangge ijab. Caranipun madosi saat wekdal sami, inggih menika gunggung neptonipun dinten dipunpara 3 sore, tengah wengi, bangun. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: