Caranipun nambani Nemtokaken tamba

sapanunggalanipun. Ingkang baku menawi tindakan ingkang wigati menika wonten niat lan sampun dipunrantam saderengipun. Ananging menawi tindakan wonten padintenan kados dene tindak nyambut damel, dolan, lan sapanunggalanipun. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Lelungan kuwi ana loro mas, sing kepisan lelungan wigati, sing keloro lelungan padintenan, utawa sehari-hari. Nek lelungan wigati kuwi intine lelungan sing wis diniati, penting, dadi kudu digoleki dina sing apik, sing pas nggo lunga kuwi, jam e jam pira, arahe nendi sing apik. Ning nek lelungan padintenan kaya nyambut gawe, dolan kuwi nak wis pendak dina dilakoni, dadi ra perlu deitung sik, meng sing perlu digatekke nek lelungan padintenan kui geblake wong tuane, karo pringkele.” CLW 05 Saking andharan menika ugi saged dipunterangaken bilih menawi badhe tindakan ingkang wigati, kedah dipunetang dinten ingkang sae, saat wekdal utawi jam ingkang sae, arah ingkang sae, lajeng boten tindakan rikala geblakipun tiyang sepuh lan boten tindakan rikala pringkelipun utawi dinten apes. Anggenipun ngetang menika ngginakaken pathokan nepton lairipun. Ananging menawi tindakan ingkang padintenan namung kedah nggatosaken dinten geblakipun tiyang sepuh lan pringkel utawi dinten apesipun. Tuladha I. Lelungan ingkang wigati pados tamba sesakit Nepton ingkang sakit minggu paing

a. Nemtokaken dinten

Anggenipun madosi dinten ingkang sae kangge pados tamba menika ngginakaken titenan miturut dinten pasaran. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Nggo nemtokke dina sing apik nggo lunga kuwi nganggo titenan pasaran mas.” CLW 07 Titenan dinten miturut pasaranipun inggih menika : 1. Kliwon : Peteng 2. Legi : Padhang 3. Paing : Umuk 4. Pon : Ora cucuk karo kasunyatan 5. Wage : Prasaja Saengga menawi badhe pados tamba menika ingkang sae pasaran legi utawi wage. Menawi sampun mangertos titenan pasaran ingkang sae, salajengipun nemtokaken dinten kangge pados tamba menika. Saderengipun nemtokaken dintenipun, kedah dipun emut-emut dinten menapa pringkelipun. Amargi menawi pados tamba wonten dinten pringkelipun, menika boten mari ananging boten wonten kacekipun. Dinten pringkel menika gangsal dinten sasampunipun nepton, menawi neptonipun minggu paing, mila pringkelipun kemis legi. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan : “Pringkel kuwi dina apes. Pringkel utawa apese kui limang dina bar nepton mas. Kui kudu dieling-eling.” CLW 03 Pramila menawi tiyang ingkang neptonipun minggu paing, ingkang sae menawi badhe tindak pados tamba menika boten kemis legi, senajan titenan pasaran legi menika sae. Saumpami milih dinten minggu legi.