Pados dinten ingkang sae

Pramila petanganipun kados menika : Jumat : 6 14 Kliwon : 8 26 : 5 = 5,5,5,5,5 tirah 1 = Sri “rejeki” Kemis: 8 12 Wage : 4 Saengga menawi nepton ingkang kanggungan kersa damel sumur menika dinten jumat kliwon, dinten ingkang dipunginakaken damel sumur ingkang sae inggih menika dinten kemis wage.

b. Pados saat wekdal utawi jam

Salajengipun madosi saat wekdal utawi jam. Pathokanipun sami: 1. Sore : Jam 16.00 – 23.00 2. Tengah wengi : Jam 24.00 – 07.00 3. Bangun : Jam 08.00 – 15.00 Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan : “golek jam kuwi padha, petangan dina sing arep nggo gawe kuwi jumlahe pira, terus dipara 3, sore, tengah wengi, bangun.” CLW 05 Menawi sampun dipuntemtokaken badhe wiwit damel sumur saumpami dinten kemis wage. Saat wekdal utawi jam ingkang pas inggih menika : Kemis: 8 12 : 3= 3,3,3,3 Genep = Bangun 08.00-15.00 Wage : 4 Saengga wekdal ingkang pas inggih menika antawisipun jam 08.00 dumugi 15.00 utawi jam 3 sonten.

c. Arah utawi papan damel sumur

Menawi sampun dipuntemtokaken dinten lan wekdalipun, salajengipun madosi arah utawi sumur menika badhe dipunpapanaken wonten pundi. Saumpami dipuntemtokaken damel dinten kemis wage, arahipun : Kemis : Wetan kidul Wage : Ler Saengga papan ingkang sae kangge sumur menika wonten sisih wetan kidul utawi ler.

4. Petangan ingkang dipunginakaken wonten pindhah griya

a. Nemtokaken dinten pindhah

Wonten petangan kangge pindhah griya menika, ingkang dipunginakaken kangge ngetang utawi madosi dinten ingkang sae ngginakaken nepton lair ingkang badhe pindhah. Menawi ingkang badhe pindhah menika setunggal kaluarga, ingkang dipunginakaken petangan neptonipun bapak utawi kepala keluarga. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “sing nggo ngetung nek pindhahan kuwi neptone sing arep pindhah, nek sing arep pindhah sak kluarga ya sing dinggo neptone bapakne, kepala keluarga. Carane padha, neptone jumlahe piro, terus digoleki dina liya sing jumlahe padha terus dibagi 5, sri, rejeki, gedhong, lara, pati.. Nek umpama nganggo neptone bapak kok asile elek, raoleh ganti nggo neptone ibune po anake ben apik, tetep nganggo neptone bapakne. Mengko ora golek dina sing padha neptone, ning dina neptone ditambah dina sing apik.” CLW 05 Saking andharan menika saged dipunterangaken bilih wonten petangan pindhah grriya menika caranipun sami, inggih menika nepton ingkang badhe pindhah petanganipun pinten, dipunpadosi dinten sanes ingkang gunggung petanganipun sami, lajeng dipunpara 5, sri “mulya”, rejeki “pinter golek pangupajiwa”, gedhong “kuat dadi wong sugih”, lara “laraseret” lan pati “mati”. Tuladhanipun : nepton = setu wage 13 Dipunpadosi dinten sanes ingkang sami petanganipun 13. Pilian dintenipun inggih menika : kemis legi, jumat pon, minggu kliwon. Saumpami dipunpilih dinten kemis legi. Kemis: 8 13 : 5= 5,5 tirah 3 = Gedhong “Kuat dadi wong sugih” Legi : 5 Menawi kados menika dinten ingkang sae kangge pindhah inggih menika kemis legi. Ananging menawi petangan neptonipun kirang sae, saumpami minggu paing 14 Minggu: 5

14: 5= 5,5 tirah 4 = Lara “Seretkirang sae”

Paing : 9 Menawi kados menika, anggenipun madosi dinten kangge pindhah caranipun boten milih dinten ingkang gunggung petanganipun sami 14, ananging pados dinten sanes ingkang menawi petanganipun dipungunggung kaliyan 14 lajeng dipunpara 5 saged tirah 1,2 utawi 3. Pilian dinten sae inggih menika : selasa